Jumat, 24 Desember 2010

wangsalan brebes

Motor mabur damaré mati
munggah nduwur sing ati-ati

Tuku kinang, gambirana
senajan lanang, lanang yang mana

Alang-alang diseblakna
isin wirang didadèkna

Lepet taliné oman
ora cepet ora keduman

Cina cilik dodol dawet
ditokoni menjep-menjep

Pitik walik manjing longan
rambut brintik kaya barongan

Bir temu lawak
lambé njebir kaya luwak

Èsèk-èsèk godong jati
cungur pèsèk disinggati

Ciu gambar jalak
Yèn aku mèlu apa ditolak

Ciu sagelasé
aku mèlu salawasé


Jaran kèpang mangan pari
klambi abang sing marai

Puasa kembang gedang
èsuk-èsuk nodong wadang


Puasa kembang pring
èsuk-èsuk nodong piring

Bontrok disembelèh
mbuka éntrok tidak bolèh

Èlon ana lintahé
pan kelon ana bocahé

Blendung laka klapané
weteng mlendung laka Bapané

Gemblong jalètot
kèné bombong kono ngotot

Kamijara digerus-gerus
saudara urus-urus

Suradadi kotané
sing dadi nyatané

Dara notoli pari
durung bada wis nganyari

Jatibarang Durènsawit
wongé kondang, ora duwé duwit

Klambi paris kancing ukon
ngaku laris laka sing takon

Ijo-ijo godong meniran
wis mbojo seneng plesiran

Awan-awan luruh wader
bujang prawan aja kèder

Ijo-ijo godong laos
wis mbojo laslos

Rokok krètèk taliné sutra
kirim potrèt nggo tanda mata

Kendal Kaliwungu
ajar kenal mumpung ketemu


Rujak pentil gulané jawa
bèn nginthil diapakena

Laka bèbèk ora nyilem
awaké dèwèk ya dialem

Mangan gedang buwang kulité
demen bujang akèh duwité

Èsuk-èsuk mangan timun
èsuk-èsuk aja nglamun

Timun akèh getahé
nglamun akèh susahé

Yèn nginang aja karo nginung
yèn wis nyawang aja bingung

Pèngin gedang motes
pèngin bujang paès

Kimpul ketindihan
wis kumpul ketagihan

Jagung bakarané
wani nanggung perkarané

Jengkok ana tingginé
kowen mogok ana gantiné

Ali-ali ilang matané
aja lali karo kancané

Anjang-anjang paré pait
katok panjang ora duwé duwit

Klambi paris bedah kèlèké
ngaku laris jaré dèwèké

Godong jati diremuk-remuk
durung dadi diemuk-emuk

Klambi ireng kancing ukon
njagong bareng durung kelakon

Rujak pelem arané lutis
katoné kalem jebulé tukmis

Krandon Cabawan
turuné andon tanginé awan

Jèngkol Jatibarang
pupuné gamol wuluné arang

Iwak blanak digorèng garing
krasa ènak digoyang maning

Durèn-durèn, kuwaci-kuwaci
gemiyèn gemiyèn, saiki-saiki

Andeng-andeng di atas mulut
siapa mandeng mesti kepilut

Kreneng wadah urang
wong demen aja diwirang

Suruh ireng tiba ning belik
ésih seneng dikongkon balik

Gendul-gendul cilik
gendul cilik oclak-aclik
Gendul cilik tiba ning belik
ésih seneng dikongkon balik

Nandur terong pinggir sumur
gotong royong bèn makmur

Kembang turi arané tronggong
blèh diaturi onggong-onggong

Tuku piring cilik-cilik
turu miring molak-malik

Tuku pinggan bolong tengahé
pan balik adoh umahé

Nyangking émbèr kiwa tengen
njagong jèjèr tamba kangen

Kawat diuntir-untir
kadung liwat sisan mampir

Kupat jangané santen
bilih lepat nyuwun ngapunten

Tuku kreneng nang pasar langon
njagong bareng durung kelakon

Manuk trinil ditalèni
bèn ngintil diakali

Tebu-tebu wulung
ditandur pinggir dlurung
Èsuk bingung soré bingung
ketemu bakalan wurung

Jangan lompong asemé wuni
aja diomong wong ana sing nglakoni

Blarak disampirna
enyong liwat belèh diampirna


Abang maning ora luntura
sing ijo bé lunturé kuning
Bujang maning ora ngluyura
sing duwé bojo bé, luruh maning

Ayam babon ning buritan
kupat glabed ning prapatan
Wong wadon aja duwitan
bokan baé laka sing doyan

0 komentar:

Posting Komentar