Jumat, 24 Desember 2010

kumpulan dongeng 2

  • Suara Cempé
    DASMAD balik saka negri Brunai. Selawasé nang rantau, dèwèké ora tau ‘njajan’. Senajan dèwèké ora kuwat nahan nafsuné. Tapi setiyané maring bojo, ndadekna Dasmad blèh nglirik acan-acan maring wong wadon liya. Mangkané, barang tekan umah, dèwèké pèngin kaulan karo bojoné.
    Apalah daya, jebulé bojoné lagi ketekan tamu bulanan. Dasmad dadi kayong klabakan. Sangking blèh kuwaté, maring mburi umah, marani kandang wedus. Dimik-dimik, dèwèké mlebu kandang. Ora kesuwèn maning, nglampiasna hasrat purbané.
    Dina sangsaya dina, wulan sangsaya wulan. Wedusé meteng. Barang waktuné pan lairan, Dasmad nunggoni. Wiwitané endas cempé sing mètu. Dasmad bungah, sebab rainé ora mirip kaya dèwèké. Tapi mawujud wedus. Sanama uga awaké lan sikilé. Kabèhané, pas nemen mirip wedus. Atiné Dasmad bener-bener bombong. Dèwèké trus nglangkah ninggalna kandang wedus. Tapi, tembé pirang tindak, ana suwara ngundang-undang:
    “Bah...Abah....Abah.... enyong aja ditinggal Bah. Mèlu oh....”
    Dasmad nglinguk. Jebulé sing ngundang, cempé sing tembé lair

    Bajingan Kabèh
    DASMAD lagi runtung karcis nang Bioskop Déwa. Critané kepèngin nonton film koboi. Sawisé tuku karcis, Dasman mlebu. Nang jero gedung, kebek uwong pada njagong. Dasaré Dasmad duwé sopan santun, dadi saben-saben uwong sing lagi njagong, pada disalami. Pengrasané dèwèké, kaya lagi selamatan nang kampungé. Mahlum, saumur-umur dèwèké tembé manjing bioskop. Mugané barang weruh nang njero gedung akèh menungsa, déwékè malah kéder. Trus wong-wong pada disalami kabéh.
    Sialé, barang rampung salaman, rampung uga tontonané. Dasmad ngrajug. Wong-wong sing pada nonton bubar, metu siji-siji. Dasmad lingak-linguk, weuh uwong-uwong pada metu saka gedung bioskop. Akhirè déwékè mélu metu. Anjog lawang bioskop, dèwèké ketemu Kapèr sing lagi runtung karcis nang lokèt. Kapèr takon:
    “Pibén Mad. Dengarén nonton. Lakoné ramé Mad?”
    Dijawab:
    “Laka lakon. Isiné bajingan kabèh!”

    Lemah Jantung
    DASMAD tènggèng berat nang Terminal Bus Tegal. Onggrongané por-poran. Gemboran nggolèti jabinyak, jagoan terminal.
    “Endi jabinyak Terminal. Enyong pèngin weruh wongé. Kayong apa, ndelèn ?”
    Blèh sadar, nang mburi dèwèké, ngadeg wong lanang gedé duwur, ireng geteng, lengen tatonan, tur tangané nganggo gelang akar bahar. Kalungé bandul tengkorak lan poremé sangar, ditambah maning matané abang mèrèt. Ora liya, dèwèké wong sing lagi digolèti Dasmad.
    “Hai! Kowen ngomong apa? Kiyé enyong jabinyak kèné, jagoan sing nguasai Terminal. Kowen nggolèti enyong, pan ngejak apa-apanan?” semproté karo ngorog Dasmad.
    “O....o....o.....ora Kang! Mung takon tok.” ujar Dasmad ndredeg.
    “Awas Kowen. Gawé onar nang kèné, tak premak!”
    Dasmad diculna. Dèwèké trus manjing warung. Dimik-dimik, jabinyak mau uga nututi. Tapi dasaré Dasmad mendem jahat, nang warung tetep gemawokan:
    “Sapa ndelèn, sing wani karo enyong? Kyèh Dasmad! Wis malang-mlintang, nggeguru maring endi-endi ora. Pan ngajak apa-apanan, Dasmad blèh bakal mundur. Wongé sapa sing pan nyacak ilmuné Dasmad, hé?!” agul Dasmad maring wong-wong sing ana nang warung.
    Krungu agulané Dasmad, jabinyak sing ngintili, mrempeng kupingé. Trus dèwèké nglutik pundaké. Sanalika Dasmad nglinguk. Pas nang adepané, weruh sangar rainé jabinyak sing lagi mendelik. Dasmad nrektek.
    “Nyocot apa Kowen?!!” bentaké.
    “Aja seru-seru Kang. Enyong lemah jantung......”

    Kalah Sèt
    PAK Bekel karo Cariké, kalah sèt lawan Kang Dasmad. Critané, rangdané Dasmad dibojo bekelé. Setaun gurung suwé, rangdané Dasmad dipegat. Trus dibojo gonèng Cariké. Soalé rangdané Dasmad pancèn, ayuné por-poran. Tapi ora let suwé, rangdané Dasmad dipegat gonèng Cariké. Alesané, ‘barangé’ Dasmad luwih hebat ketimbang Bekelé lan Cariké.
    Nang salah siji dina, Bekelé kambèn Cariké penasaran. Wong loro akhiré rembugan.
    “Kaya kiyé baé Rik.....” ujar Bekelé maring Cariké.
    “Nggih Bekelé, pripun?”
    “Nyong kayong penasaran karo Dasmad. Bisané bekas bojoné tèsih ngalem-ngalem maring dèwèké? Dongé ’barangé’ ana apané sih....?” Bekelé gumun saporèté.
    “Lha niku Bekelé. Dong tak takoni, moniné tèsih yahèr dèkèné Dasmad. Kiyé gawé enyong gemlotok. Akhiré tak pegat!” jawab Cariké menèhi alesan megat bojoné.
    “Pada Rik! Tak takoni enyong, jawabé ya kaya kuwé. Bèn ngerti rahasiané Dasmad, carané pibèn?” ujar Bekelé.
    Dipikir-pikir, akhiré ketemu dalan pikir. Wong loro gawé siasat. Pura-purané Balai Dèsa kèlangan duwit. Kebeneran, Dasmad sering ana urusan kambèn Bekelé sing bebas bludas-bludus maring Kantor Balai Dèsa.
    Rapi nggoné siasaté wong loro, Dasmad diundang trus dijagongna nang Kantor Balai Dèsa.
    “Kowen saiki ngaku Mad. Mumpung gurung tak undangna pulisi.” ancam Bekelé.
    “Sung Bekelé! Nyong ora glatakan. Ora njukut duwit.” ujar Dasmad.
    “Blèh bisa. Sing wani manjing ruwangané Bekelé mung kowen!” sambung Cariké. Tapi Dasmad tetep mukir. Kalah sewoté, Dasmad dikongkon wuda adong dèwèké bener-bener ora njukut duwit. Giri-giri, Bekelé kambèn Cariké nliti ’barangé’ Dasmad. Sanalika wong loro pada ngrajug.
    “Éh.....dengarèn! Bekas bojoné kowen kèdanan. Jebulé ’barangé’ kowen akèh cuplaké....?!!” ujar Bekelé

    Sing Njorogna Sapa
    DASMAD, Kapèr, Oom Brindil lan kanca-kanca batiré balik saka Batam numpak kapal. Waktu pan anjog pelabuhan Jakarta, bocah umur 6 taun kecemplung. Mangkané bocah sing kejebur anaké Konglomèrat. Uwong-uwong geger, ngileng maring mengingsor, ndeleng bocah sing kejebur kelem. Sawetara Konglomèrat panik sakarang-karang. Akhiré dèwèké nganakna sayembara.
    “Sedulur-sedulur......!!! Sapa-sapa sing bisa nulungi anaké enyong, hadiahé semillikar!” ujar Konglomèrat ndelak-ndelak.
    Rampung Konglomèrat ngumumna sayembara, ujug-ujug Kapèr ambyur saka nduwur. Kapèr glagepan, glupak-glupuk nang njero banyu. Tapi tangané sempet nyikep awaké bocah. Saka nduwur, tali tambang dibalangna maring laut. Agé-agé Kapèr nyawèl tambang.
    Saka nduwur, uwong pada narik Kapèr barèng bocah, anaké Konglomèrat. Uwong-uwong pada surak-surak ndeleng Kapèr ditarik menduwur, Ora kètang, Dasmad kambèn Oom Brindil lan kanca-kancané pada gemboran jingkrak-jingkrak.
    “Hidup Kapèr! Hidup Kapèr......!!!”
    “ Kapèr sugih mendadak! Kapèr olih samilliar.....!!!”
    “ Kapèr dadi OKB; orang kaya baru!”
    “Horééé.....hooorrréééé..........Kapèr dadi pahlawan....”
    Kadaan waktu kuwé bener-bener ramé. Kapèr dielu-elu. Kapèr disubya-subya. Tapiu apa omongané Kapér? Kapèr ngamuk, dèwèké gemboran:
    “Enyong ora butuh duwit samilliar!! Enyong ora perlu disebut pahlwan....!!” oomongé Kapèr. Uwong-uwong pada bingung. Dasmad akhiré takon:
    “Bisané kowen ora butuh duwit samilliar, ora perlu disebut pahlawan Pèr?”
    “Dobol! Asuuuu....sapa sing njorogna enyong?! Sapa dobooollll.......”

    Kowen Sing Salah
    BALIK dolan, anaké Dasmad nangis nggowar-nggowar.
    “Balik dolan ka nangis. Daning sapa?” Dasmad takon.
    Anaké tetep nggowar kambèn tangané nyekeli endas.
    “Endasé dicekeli baé kenangapa kuwé?” omongé Dasmad kambèn niliki endasé bocah sing menjutu.
    “Kiyé, bisané endasé kowen menjutu diapakna?”
    “Ditotok!” jawab si bocah, karo terus nangis.
    “Ditotok sapa? Kurangajar temen ya. Blèh weruh Si Dasmad apa ya? Bocah ditotok nganti menjutu kaya kiyé nemen. Pan njaluk apa-apanan dongé. Ngko tak ajaré ngko. Adong wong tuwané ora bisa ndidik bocah, tak labrak sisan. Kowen ditotok sapa, he?!”
    Kambèn nangis, anaké Dasmad ngomong:
    “Ditotok ganing Giman Tungtak Bah!” jawabé.
    “Giman Tungtak anaké sapa? Brèngsèk ka....! Ngko tak onjogi wong tuwané, tak ajar sisan.” suwarané Dasmad mamprang-mamprang.
    “Kuwé Bah, anaké Pak Sarjono....”
    Sanalika Dasmad mengkered. Dèwèké ngarti adong Bapané Giman Tungtak, anaké Tentara sing ana nang kampungé.
    “Wah....adong kuwé, tah.....kowen sing salah! Dasar kowen bocah nakal!” ujar Dasmad karo nonyol endas anaké.

    Lomba Gawé Koran
    PADA akhiré menungsa sadunya bakalé mati. Samana uga Kapèr, Oom Brindil lan Kang Dasmad. Salah sijiné dina, Kapèr ngrasa kesepian manggon nang Neraka. Pasalé, nang alam kelanggengan kuwé laka koran. Bab kuwé dirasakna uga gonèng Dasmad sing ana nang Sorga. Akhiré antara Perwakilan Neraka sing dipimpin ganing Kapèr kambèn Oom Brindil rembugan karo Perwakilan Sorga sing dipimpin ganing Dasmad. Maksudé, antara Penduduk Sorga karo Neraka pan nganakna lomba gawé koran. Rerembugan kuwé akhiré disetujui. Gelisan crita, Kapèr kambèn Oom Brindil cepet-cepetan gawé macem-macem surat kabar. Sawetara kuwé Dasmad saben dina maca brita soal siksa sing dialami Penduduk Neraka. Ana sing telaké disogok wesi panas nganti tembus bokong. Uga ana sing digodog lan dilelep-lelepna nang banyu timah panas. Pendeké, Dasmad ngeri nemen maca liputan surat kabar saka Penduduk Neraka.
    Sawijiné dina, Kapèr kambèn Oom Brindil marani Dasmad.
    “Pibèn Mad! Endi britané? Jaré pan gawé koran. Ganing nganti sawulan luwih laka jebabulé.” ujaré Oom Brindil.
    Perwakilan Neraka pancèn pantes negur Perwakilan Sorga. Soalé wis pedaminan saling kabar-kabari kahanan masing-masing. Tapi dientèni nganti sawulan luwih, siji baé laka surat kabar sing nongol.
    “Enyong bingung Ndil!” jawabé Dasmad.
    “Kowen kharat! Yanu wis gawé Harian Neraka Wèl, Tabloid Jahanam nganti Majalah Panas Membara, kowen siji baé laka amprut-ampruté. Kowen tifu, Mad!” Kapèr mèlu nyerang omongan.
    “Sori Pèr. Nyong bener-bener kèder!” semauré Dasmad.
    “Kèder pibèn? Kowen yahanu.......!!” sambungé Kapèr karo Oom Brindil.
    “Suwèr Pèr, suwèr Ndil! Nang Sorga Wartawané laka.....!!!”

    Ora Éram
    CRITANÉ Dasmad balik sekang Amèrika. Nang Amèrika Dasmad weruh anèka macem pabrik sing hèbaté por-poran. Pèndeké wong Jawa digawé éram aliasé gumun. Mogané barang Dasmad balik nang Tegal, dèwèké pamèr maring sedulur-seduluré lan kanca-kancané crita pengalaman nang Amèrika. Termasuké maring Abahé.
    “Nang Amerika hèbat Bah....” Dasmad molai crita pengalamané maring Abahé.
    “Hèbat pibèn Mad?” Abahé takon.
    “Pokoké adong Abah maring Amèrika, hèran. Ora temu akal” ndopoké Dasmad.
    “Ora tinemu akal pibèn. Kowen ka....dadi menungsa eraman.” Semauré AbaheéDasmad.
    “Temenan Bah! Dasmad ora goroh, ora pan agul-agulan kambèn Abah. Nyong weruh dèwèk Bah. Sung! Amèrika pancèn negara sing paling pentolan. Majuuuné.....wah jan, laka lawané Bah!” semauré Dasmad kamben cangkemé kecrèk terus.
    “Iya iya....laka lawané pibèn?”
    “Tak crita kyèh Bah. Nang Amèrika....sapi dilebokna maring, mesin metuné kornèt. Daging kalèngan. Éram ah!” agul Dasmad.
    Dijawab:
    “Ora éram Mad! Mègin pentol Abah. Abah nglebokna daging metuné raimu bol!”

    Kenalan
    MALEM Ahad Dasmad karo Kapèr, dongang-dongong. Akhiré diputusna mancing. Saka umah wong loro mlaku luruh kilang-kilung. Sauwisé olih bahan mancing, diterusna maring ujung laut Tegal. Ajog tempat mancing, posisi dibagi. Dasmad nang sisih kidul lan Kapèr nang sisih elor.
    Bengi sangsaya bengi, sing pada mancing mritili balik nganti gari Dasmad kambèn Kapèr. Bosen ganing posisiné, wong loro setitik turut setitik pada gesèr. Dasmad sangsaya mengalor lan Kapèr sangsaya gesèr mengidul.
    Asyik nemen wong loro mancing. Kepas-kepus cangkemé udud kaya sepur.
    “Tarikané katah Mas?” Dasmad iseng takon.
    Dijawab:
    “Lumayan Pak.”
    “Griyané teng pundi Mas?” Dasmad takon maning
    Dijawab:
    “Kalibuntu Pak....”
    Ih! Ganing sekampung kambèn enyong ya? Batiné Dasmad penasran. Dèwèké takon maning:
    “Kalibuntu Pesurèn, Marpangat napa Kalibuntu Pengiwakan Mas?”
    Dijawab:
    “Kalibuntu Pengiwakan Pak.”
    Dasmad tambah penasaran. Trus takon maning:
    “Mbang endiné Dasmad, Mas ?”
    Dijawab:
    “Kula ngajengé Pak!”
    Salanika Dasmad nglinguk memburi. Pas Dasmad nglinguk, wong sing nang mburiné uga nglinguk. Dasmad kagèt barang weruh rainé trus nyangkem:
    “Dobol! Jebulé raimu Pèr?!”
    Kapèr ngakak. Mangkat barèng mancing barèng, lha ka kenalan

    Endas Tugel
    CRITANÉ sing Jakarta maring Tegal, Dasmad numpak sepur nang atep gerbong. Mahklum waktu saprana sepur Jakarta jurusan Tegal, kebek penumpang. Padahal gudu mangsa wong-wong Jakartanan pada mudik. Tapi embuh keningapa, waktu kuwé akèh nemen wong-wong pada lelungan. Lan saking porèté penumpang solsolan, Dasmad ora keduman panggonan. Kepaksané dewèké nang nduwur atep gerbong.
    Sepur jurusan Jakarta - Tegal trus mlaku satitik turut satitik. Paribasané kaya sepur trutuk jaman sepur lempung, saben ana stasiun cilik sepuré mandeg.
    Sepur trus mlaku lan waktu mlayu kebat, nang wilayah Cirebon, endasé Dasmad kesabet blabar kawat. Sawetara masinisé ora ngarti adong endas Dasmad kesamber kawat, sepur digas nganti tekan tujuwan.
    Dasmad nembé sadar lan weruh endasé wis laka, waktu dèwèké ngaca pan jungkatan nang Stasiun Tegal
    “Wah?! Ajib ya! Endasé enyong tugel ?”

    Ganjaran
    KAPÈR, Oom Brindil lan Jayèng lagi nglèmprak nang ubiné Kantor Satpol PP Kota Tegal. Wong telu kambèn sajlèntrèk jakwir liyané lagi nunggu ganjaran. Pasalé wong-wong mau, ora nurut maring aturané pemrètah.
    Pemrètah wis mènèhi rambu-rambu maring PKL nang Alun-alun Tegal, adong dodolan aja nglanggar aturan, maksa baé ditrabas. Dadi wong-wong mau digaroki. Mangkané sing dadi Kepala Suku Satpol PP Dasmad sing ora bisa disogok malahèn sebaliké bakal mènèhi ganjaran.
    “Panggilan! Kapèr ngadep Kepala Suku Dasmad!” undang salah siji bawahané Dasmad.
    Kapèr, bakul gedang sing mangkal nang Alun-alun, giri-giri ngadep Kepala Suku Dasmad. Ora let suwè Kapèr metu saka ruwangan karo cangkemè mringis-mringis waktu weruh Oom Brindil.
    Weruh Kapèr mringis-mringis, Oom Brindil malah kèder. Tapi lagi kèder-kèderé, Oom Brindil si bakul salah, diundang kon ngadep Dasmad. Ora suwé dèwèké mètu. Trus, ora bèda kaya si Kapèr, dèwèké uga mringis-mringis waktu weruh si Jayèng.
    “Rasakna kowen Yèng. Nyong sing dodolan salak baé, mringis-mringis kaya kiyé. Apa maning kowen sing bakul durèn. Bakal klenjengan kowen Yèng....” omongané Oom Brindil nang jero ati karo cekelan bokong, lan cangkemé tetep mringis-mringis.
    “Bisané kowen mringis-mringis baé Ndil? Énté diapakna karo Dasmad?” Kang Jayèng takon.
    “Ah, ukumané kecil Yèng! Ngko, énté ngrasakna dèwèké wis!” jawabé Oom Brindil.
    Ora let suwé, Kang Jayèng diundang. Agé-agé Jayèng mlebu ngadep Dasmad. Tapi tembé pirang menitan, Jayèng gemboran trus klenger. Wong-wong sing pada ngentèni ganjaran, gègèr weruh Jayèng digotong-gotong.
    Jebulé, ora Kapèr ora Oom Brindil lan Jayèng, silité pada dileboni buahé sing didol. Karuwan baé Jayèng klenger, sebab silité dileboni woh durèn.
    sekitar 8 bulan yang lalu · Hapus Kiriman
  • Lu Sih Énak
    JAWANÉ Daklan, ponakané Dasmad balik sing Jakarta. Nang Jakarta, Daklan nyambut gawé nang Kantor Satpol PP. Tugasé nggaroki para glandangan sing pada klayaban.
    Critané Daklan tilik maring Dasmad, Umé. Nang Um Dasmad, Daklan ditanggap suka dukané dadi petugas Satpol PP. Diantarané crita sing ora bisa diilangna, yakuwé waktu dèwèké nggaroki banci.
    “Tugasé kowen ana nggaroki banci ana apa Klan?” Dasmad nyela critané Daklan.
    “Ya Um. Salah sijiné nangkepi banci sing pada klayaban nang dalan gedé.” jawabé Daklan.
    “Banci ditangkepi pan dibuang maring endi? Wong lagi golèt pangan ka....ditangkepi”
    “Enyong tah nurut printah atasan Um. Kongkon manut. Wong enyong kiyé bawahan.” semauré Daklan.
    “Dadi kowen blèh kena mbantah printah?”
    “Sing arané bawahan kuwé, gedibal. Paribasané jaran, dicetèr mana cetèr mrèné. Pokoké bener-bener gedibal.” Daklan njelasna maring Um Dasmad.
    “Ngomong-ngomong, critané kowen waktu ngoyong-ngoyok banci, pimen?” Dasmad kepèngin krungu critné Daklan.
    “Waktu nyong ngoyok-ngoyok banci nang Tanah Abang, nyong diomongi karo banciné...” crita Daklan.
    “Omongané pibèn?” pitakoné Dasmad.
    “Énak Lu yéh.....? Gué yang nyedot Lu yang nrima!”.

    Jujur lan Setia
    ANAK wadoné Kapèr olih panggilan gawèan nang Jakarta. Sadurungé mangkat, dèwèké diwanta-wanti ganing bojoné Kapèr.
    “Nok Ijah, poma rong poma kowen nyambut gawé nang kota gedè kudu ati-ati. Apa maning nang Jakarta. Ana paribasan, Jakarta kuwé luwih kejem ketimbang ‘Ibu Tiri’...”
    “Ya Nè....nok Ijah nyekeli omongané mané. Aja watir.....” semauré nok Ijah.
    “Nok Ijah....” manèné ngomong maning.
    “Iya Né....pibèn?” nok Ijah balik takon.
    “Mané uga pesen. Adong kowen golét calon bojo, sing utama caloné kudu jujur lan setia.”
    “Ya Né. Sekabèhané welingé Mané tak celeki. Saiki nok Ijah pamit mangkat ning Jakarta.” ujaré nok Ijah kambèn sungkem maring Manèné lan Kapèr, bapané.
    Saminggu, rong minggu nganti sawulan, Manénè ora tau olih kabar saka Ijah. Akhiré dèwèké telepon.
    “Kabaré kowen pibèn nok? Kewarasan nang Jakarta?” omongé Manèné nok Ijah.
    “Pangèstuné Né, berkat pandongané Mané nyong kewarasan langka alangan apa-apa. Malahan saiki, nyong wis olih calon bojo. Bocahé bagus pisan” jawabé nok Ijah.
    Manèné nok Ijah bungah. Trus ngomong:
    “Syukur. Bocahé jujur lan setia?” Manèné nok Ijah takon maning.
    “Iya Né. Pokoké bocahé berès. Adong mangan nang warung ora duwé duwit, dèwèké ngomong jujur. Adong bengi, enyong dibatiri turu bareng seranjang. Pokoké setia sehidup semati....



    Kedaluwarsa
    GÈGÈR nang kampungé Kapèr ana bujang koit sauwisé merkosa nènèk-nènèk, ndadèkna wong-wong kepèngin ngarti sebabé apa bujang mau bisa modar. Apa nènèk-nènèké sengaja ngracun apa sebaliké sadurungé ngrabèni nènèké, bujang mau nginung ciu sabuyung? Pitakonan-pitakonan sing kaya kuwé, akhiré mung mbulek kaya entut nang katok.
    “Wis, katimbang pada penasaran kabèh, apiké mayidé digawa maring doktèr baé.” usul Kapèr.
    “Digawa maring doktèr, maksudé bèn awaké diodol-odol?” trajang omongané Jayèng.
    “Diodol-odol pibèn maksudé kowen Yèng?” Kapèr balik takon.
    “Maksudé diodol-odol nggo praktèk Pèr.... ”
    “Kowen pikirané cruwek. Tujuané enyong, mayaté digawa maring dokter Dasmad, bèn diotopsi. Dadi nyong sampèyan pada ngarti kabèh, apa sebabé bocah kiyé ujug-ujug koit sauwisé ngrabèni nènèk-nènèk. Paham?” Kapèr nerangna.
    Blèh kesuwèn maning, mayidé sing ngglètak nang gardu ronda digawa maring dokter Dasmad. Gelisan crita, dokter Dasmadé rampung ngotopsi mayidé.
    “Pibèn hasilé? Apa bocah kiyé sengaja diracun, apa kepibèn Dok?” Kapèr mbrondong pitakonan.
    “Koité bocah kiyé gudu soal diracun. Masalahé mung compong. Wong wis mangan ngingsoré, malah susuné nènèké disedot sisan.” semauré dokter Dasmad.
    “Trus hubangané apa Dok?” Kapèr mleter omongané dokter Dasmad.
    “Ya iya ya ya.....wong susu wis kadaluwarsa disedot. Dadiné, ya modar!”.

    Mèlu Ngesol
    JAWANÉ Jayengé dadi wartawan nang Harian Lokal. Jayèng ngrasa mbekok ngabdi taunan nang koran lokal Mingguan Kaluwarga, diperes tenagané tapi laka honoré. Kabèh wartawan nang Mingguan Kaluwarga mung dicekeli ‘batok’ mawujud kartu pers gèl. Dadi saben-saben wartawan sing ana nang Mingguan Kaluwarga, pada kasab ‘biologi’ alias nylekadong golèt céklis maring wong-wong sing dadi nara sumberé. Lan Jayèng, suwé-suwé rumangsa isin, dadi akhiré metu. Saterusé pas nang Kota Tegal Dasmad nggawé koran anyar sing arané Harian Lokal, dèwèké mlebu dadi wartawan nang kono.
    Tugas pertama Jayèng dadi wartawan nang Harian Lokal, kon Dasmad ngliput bos PO. Lanang Jaya. Kebeneran, sing duwè PO. Lanang Jaya wis dikenal Jayéng awit Jayèng dadi binyak nang Terminal Tegal.
    Ésuk uput-uput, Jayèng teka maring kantoré bos PO. Lanang Jaya. Mung waktu Jayèng teka nang kantoré, akèh supir lagi pada runtung sing pan ngadep karo Yu Tarkimah yakuwé bos PO. Lanang Jaya. Gampangé ngomong, supir-supir mau pan dingèin uang makan lan uang bensin.
    Weruh kahanan sing kaya kuwé, Jayèng ngrajug.
    “Alaaa...cilaka! Adong kaya kiyé tah....nyong bisa ketinggalan brita. Mangkané, tugas ngliput dina kiyé akèhé nemen. Pibèn ya carané?” pikir Jayèng kambèn meres utek. Akhiré Jayèng ketemu pikir. Dèwèké apèn-apèn dadi supir, ngesol mèlu runtungan bareng supir-supir.
    Ana limang menitan, Jayèng pas nang adepané Yu Tarkimah. Rèplèk, Yu Tarkimah njukut duwit karo mandeng rainé Jayèng.
    “Éh....kowen sih supir bis nomer pira ya?” Yu Tarkimah takon.
    “His Yu! Enyong gudu supir. Enyong wartawan....” semauré Jayèng.
    “Éeh....wartawan? Ya mana, mangan ponggol sètan tuli!

    Kopi
    KANG Dasmad bener-bener lagi digawé mbekok gonèng Kapèr. Pokoké Dasmad kalah sèt. Masalahé tah sepèlé. Kapèr sing jago nginung kopi, ora bisa dibodoni gonèng Dasmad. Jenis kopi sing disuguhna Dasmad, maning-maning kebadèk. Muganè kuwé, Dasmad ngintim-ngintim maring Kapèr, kapan tekané.
    “Bèn mengko. Adong Kapèr teka maring warungé enyong, tèsih bisa mbadèk belih. Adong bisa, enyong sujud maring Kapèr!” Dasmad ngomong nang batin, tapi ora kètang atiné gemremet.
    Lagi dientèni nemen-nemen, ujug-ujug Kapèr ana nang ngarep warungé.
    “Hallo Kang Dasmad....”
    “Hallo juga Pèèrrr....manjing-manjing. Kyèh, ana kopir anyar. Kowen tak jamin ora bakalan bisa mbadèk! Kiyé kopi istimèwa. Ocèh, kowen pan nyacak?” tawa Dasmad grapyak.
    “Ocèh! Nyong pesen sagelas tuli Mad. Nyoba, nyacak!” semauré Kapèr gaya koboi cap kampung.
    Ora kesuwèn Dasmad gawé wèdang kopi. Srupat-sruput Kapèr nyecep kopiné. Tapi kosikèn sagelas gedé entong, Kapèr digawé kèder.
    “Pibèn Pèr, kopiné yahèr kan? Kowen bisa mbadèk? Jempolan adong kowen bisa mbadèk, brati kowen jagoan nginung kopi.” omongé Dasmad. Kapèr gèlèng-gèlèng, ngaku bingung.
    “Embuh kiyé kopi cap apa. Coba Mad, sagelas maning ndelèn.” omongé Kapèr karo pesen sagelas maning. Tapi ya maksa baé Kapèr ora bisa nebak. Samana uga waktu dèwèké pesen sagelas maning, Kapèr angkat tangan ora bisa nebak kopi cap apa.
    “Nyong bener-bener seng Mad. Kopi cap apa ya? Nginung nganti telung gelas, maksa baé ora bisa nebak. Kopi apa sih Mad?” Kapèr takon.
    “Kowen pèngin ngarti? Kopi sing tak gawé kuwé, angus silité kètèl bol.....” .

    Biduan STW
    KAPÈR lagi kèdanan karo tarok Setengah Tuwa alias STW. Ah, saluguné gudu Kapér tok sing kèdanan. STW-né uga ora kalah gatelé. Maklum baé, rangda rong taun ditinggal mèrad lakiné, rumangsa ora tau ‘disepuh’. Mugané barang kenal Kapèr, trus lèngkèt kaya gandengan sepur.
    Molai Kapèr kenal karo dèwèké, STW-né nembang nang acara taun baru wilayah Bèdèng Slerok. Jogèd STW-né plek jiplek kaya Inul Daratista. Kapèr kayong gemremet; ngrintih. Akhiré duwit sing pan nggo bojoné disawèrna maring dèwèké. Embuh ana pirang atus éwu Kapèr nyawèr maring biduan STW-né. Sing jelas baé, wong loro pada gatelé, akhiré hubungané sangsaya raket. Saben dinané wong loro pada sms-an. Èsuk soré awan bengi, tangané pada umyek mètéti tuté hapé.
    “Coba ndelèn, nyong kepèngin krungu kowen nembang nang hapé. Aja watir, pulsané tak isi ‘jarak jauh’. Nembang ya?” jaluké Kapèr lèwat sms maring biduan STW-né. Ganing biduané, smsé Kapèr dijawab:
    “Ya. Tak siapna dingin CD instrumentalé. Tunggu ya Yang...?”
    Ora let suwé, biduané nembang. Kapèr ngrungokna nemen-nemen karo bokongé endut-enduten.
    Barang biduané wis rampung nembang, dèwèké sms maring Kapèr.
    “Kurang sip ya Yang suarané enyong? Laaa...mbuh temen.”
    Rikat Kapèr njawab smsé biduan STW-né.
    “Iya. Kurang sip nemen. Laka grenjelé. Bèn luwih sip lan ana grenjelé, enyong gelem mlebu nang roké kowen oh....”.

    Dasmad Yagyagan
    KAYA dara nang tingkem, Dasmad glupak-glupuk. Ésuk soré awan bengi dèwèké mlayu mana mlayu mrèné. Embuh apa sing lagi digolèti Dasmad. Apa maning adong ndeleng ulaté Dasmad sing sarius nemen, Kapèr, Jayèng kambèn Um Brindil rada ora kepènak takon. Mugané wong telu, mung bisané pada saling tetakonan.
    “Dongèné Dasmad nggolèti apa yah? Ora pranti-prantiné gèjlèg ngalor ngidul. Jaré kowen, ana persoalanan apa Pèr?” Um Brindil takon maring Kapèr waktu ketemu lagi lèsèhan karo Jayèng nang dalan A. Yani kawasan Tegal Laka-laka.
    “Laaaa....kiyé enyong malah lagi rasan-rasan kambèn Jayèng. Nagena kowen paham...” semauré Kapèr disambung omongan Jayèng:
    “Yanu malah pan kirim sms karo énté. Énté kesusuh teka....”
    “Dongé Dasmad nganggep nyong kiyé kabèh kanca apa dudu ya? Bisané ana masalah disangga dèwèk? Kekancanan wis suwé, mustiné aja meneng-menengan ya?” Um Brindil nyambung omongan.
    “Ènté ndèan ngarti oh Pèr. Wong énté kanca raketé.” timpal Jayèng.
    “Justru nyong kanca raketé, nyong paham maring klakuwané Dasmad. Nyong wedi ditladung adong mèlu oreg. Dong gelem nyruwang, cangkemé ora mandeg-mandeg kaya wong wadon.” jawabé Kapèr.
    Lagi gayeng-gayengé mbahas, ujug-ujug sing dirasani jumedul teka. Rainé katon besem lan kayong loyo awaké.
    “Èee...sing endi baé Mad, énté. Tak deleng, sral-srul ngalor ngidul kayong porèt nemen. Ana bisnisan apa Mad?” brondong Jayèng.
    “Brisik! Nyong lagi kèder, Jablud!” suara Dasmad krungu kaya gludug, nyruwang maring Jayèng. Kapèr kambèn Um Brindil, mengkered.
    “Kowen ana wong tuwa lagi kesel-kesel, gurung njagong gurung nginung, dibrondong omongan sing blèh mutu. Kowen paham Blud?! Nyong lagi kèder. Toko sa-Tegal Slawi nganti Brebes, ora nana barang sing tak tuku Blud!” omongé Dasmad dong lagi sèwot, ngundang maring kancané nganggo istilah ‘Jablud’.
    “Éééé ...maaf Mad, maaf. Tapi ngomong-ngomong, maaf ya Mad..... maaf. Saluguné énté yag-yagan maring toko pan tuku apa sih?” Jayèng nritil takon.
    “Nyong pan tuku aran Blud! Aran nggo bayiné enyong sing tembé lair”.
    sekitar 8 bulan yang lalu ·

0 komentar:

Posting Komentar