Jumat, 24 Desember 2010

kumpulan dongeng 3

  • Royalti
    KAPÈR bolak-balik mborong maring mal ‘Ken Ayu Laras Queena’, Kota Tegal. Barang sing dituku baé aneka rupa, awit cawet nganti kacamata. Pokoké, Kapèr gaya ulu. Mangané baé ngentorang, ora gelem tèmpé. Adong pan nglusmèn, Kapèr saiki wis ora kenal lèsèhan. Kelasé Kapèr, saiki mangané nang kafé sing ora pèré-pèré. Pèndèké kudu nang mal ’Ken Ayu Laras Queena’. Paling nyetili, adong mangan endog, putih-putihé dibuwang sing dipangan kur abang-abangé. Jaré Kapèr, putih-putihé endog, gawé penyakit.
    Um Brindil lan Jayèng adong weruh gayané Kapèr, wadé temenanan. Ngadirna anaké kas balik bawah saka Jakarta, ora kenal maning maring jati diriné. Kapèr ora weruh sing nggèyong, ora ndeleng gitok.
    “Kunyuk ka! Kadiran Ijah anaké suksès nang Jakarta, adong dijak moci nang lèsèhan, moniné wis gudu lèvelé. Asuuuu...asu temenan.” Um Brindil mamprang-mamprang waktu rerasanan kambèn Jayèng nang gardu ronda.
    “Ééé....Kapèr saiki kaya kuwé, Ndil? Ya ngko, dong kèré maning aja diaruh-aruh. Nyingkrak!” Jayèng gemremet krungu omongané Um Brindil.
    Lagi kemropok-kemropoké, saka wètan Dasmad teka. Mlakuné rikat, kaya pan ngonjogi. Éh, bener uga. Barang nang adepané wong loro, Dasmad langsung ngomong:
    “Kapèr endi Yèng?”
    “Alaaa...nggolèti Kapèr pan apa. Énté blèh ngarti? Barang anaké teka sing Betawi, maèn blèh kenal Mad! Pirang-pirang dina mborong terus tur biasané ngodok, royal kadal numpaké Taxi. Nganggo kaca mata BL maning....Ih, wadè yanu!” semauré Jayèng.
    “Bener omongé Jayèng Mad! Kapèr saiki, ora kenal kita-kita orang. Énté nggolèti Kapèr pan apa?” Um Brindil coba takon.
    “Kowen ngarti? Kaé, si Ijah, anaké Kapèr. Bisané uripé mulya nang Jakarta, sing gawé aran enyong, ngarti?!” Dasmad njelasna.
    “Apa hubungané énté kambèn kesuksèsané Ijah, Mad?” Jayèng takon.
    “Éh...kowen pancèn kemplu! Enyong duwé andil gèdé, duwé hak cipta atas nama anaké Kapèr, soglog!”
    “Trus?”
    “Enyong pan njaluk royaltiné, bol!” jawabé Dasmad.

    Nggo Ampet-ampet
    KELAKUWANÉ Dasmad kadang metu nyengitané. Pendeké adong wis kumat, njelèhi. Khata bojoné dèwèk, Dasmad ora peduli. Salah sijiné contoh nang bengi kiyé, bojoné Dasmad kayong waduké digawé mbekok.
    Critané, Dasmad kambén bojoné lagi pan mapan. Kaya biasané, sagurungé pada turu, wong loro ndopok ngalor ngidul. Sajeroné ndopok, cungur bojoné Dasmad saclerengan mambu durèn. Mugané dèwèké takon maring Dasmad:
    “Kang....”
    “Iya Jo. Ana apa?” semauré Dasmad.
    “Kayong mambu durèn breng-brengan ya Kang? Sampèyan tuku durèn?” bojoné Dasmad takon.
    “Iya.” jawabé Dasmad ringkes.
    “Nyong njaluk oh Kang....”
    “Ah...wis tak pangan kabèh ka. Rong gluntung.” jawabé Dasmad.
    “Rong gluntung dipangan kabèh? Ditodong dèwèkan? Jahat ah....,tèga kambèn bojo. Tuku durèn rong gluntung, blèh émut bojo!” bojoné Dasmad krasa waduké lara. Dèwèké culag alias sèwot. Tapi Dasmadé malah njarag.
    “Kyèh lah....nggo ampet-ampet, kowen mambuné mbuh apa?!” karo mgomong kaya kuwé, tangan tengené Dasmad diambungna maring cunguré bojoné. Bojoné dadi tambah sewot, akhiré ngungkuri Dasmad.
    Sawetara benginé sangsaya dalu. Tapi matané Dasmad mègin ketap-ketip. Ujug-ujug, tangané Dasmad lutak-lutik maring awaké bojoné.
    “Lutak-lutik baé ana apa sih ?!” bojoné Dasmad nyuwara tapi ngosog.
    “Njaluk...” semauré Dasmad kambèn matané kedap-kedèp.
    “Ora sudi...” sauwisé ngomong kaya kuwé, awaké bojoné mbalik mbokongi Dasmad. Mung, tangané Dasmad ora mandeg-mandeg jowal-jawèl. Kalah sèwoté, tangan tengen bojoné ‘ndulit barang dèwèk’.
    “Kyèh lah....nggo ampet-ampet, sampèyan mambuné mbuh apa, ya?”

    Tungtak Mbajor
    TUNGTAK MBAJOR anaké jabinyak. Saluguné sih arané Anto. Mung krana senengé ngomong jorok aliasé mbajor, dèwèké dadi olih julukan ‘Tungtak Mbajor’. Ciri-ciri bocahé, pataké atos tur gedé kaya klapa. Sebab kuwé, dèwèké dijuluki ‘Tungtak’. Asalé ‘Kluntung’ artiné woh klapa. Sedeng ‘Tak’ asalé ‘Patak’ atawa ‘Endas’.
    Tungtak Mbajor, saiki tembé kelas 3 SD. Kebeneran, guru kelasé Kang Dasmad. Wadé nemen adong dèwèké ngadepi Tungtak. Sebab ora jarang waduké digawé kaku. Adong ngomong, ora kèri jorok lan cruwek.
    Nang salah sijiné dina, Guru Dasmad gawé soal kalimat maring murid-mudidé.
    “Coba anak-anak. Gawénen kalimat sing awalé nganggo huruf I....sapa sing bisa, ngacung!” omongé Guru Dasmad.
    “Enyong Pak Guru....!” tangané Tungtak ngacung.
    “Ah, moh...emoh. Aja kowen! Kowen tah ngko jorok, mbajor. Coba Narendra...” tangané Guru Dasmad nuding maring Narendra.
    “Nggih Pak Guru:....Ibukota Indonesia tempaté nang Jakarta....” jawabé Narendra.
    “Pinter. Bagus! Saiki gawénen kalimat sing awalé nganggo huruf T....” jaré Guru Dasmad maring murid-muridé. Maning-maning Tungtak ngacung.
    “Ah, moh...emoh. Aja kowen! Coba liyané...” Guru Dasmad nawakna maring murid-murid liyané. Tarkimah, ujug-ujug ngacung.
    “Ya...Tarkimah. Coba pibé?”
    “Tegal, moncèr lan kondang dijuluki Jepangé Indonesia...” jawabé Tarkimah.
    “Pinter. Bagus! Saiki gawènen kalimat sing awalé huruf Z.... ayo sapa sing bisa ngacung!” omongé Guru Dasmad. Tapi murid-murid sakelas, laka sing wani ngacung. Ujug-ujug Tungtak ngacung dèwèkan. Kepaksa Guru Dasmad ngolihi. Pikiré dèwèké, gawé kalimat nganggo huruf Z tah, kangèlan. Tungtak bakal blèh bisa macem-macem.
    “Ya wis, coba kowen Tak!” Guru Dasmad ngolihna.
    “Ya Pak Guru. Zaenal gijilé kondor.....!”.

    Tulis Tangan
    DASMAD kambèn bojoné pada pedaminan. Jaré Dasmad, adong wong loro pan pada campur, kodené nganggo istilah: ’ngetik’. Pedaminané wong loro kuwé, soalé anak-anaké Dasmad wis gedé-gedé. Maksudé nggo nglimur bèn bocah-bocah ora pada ngarti.
    Nang salah sijiné dina Minggu, bojoné Dasmad lagi gusrek temandang nang pawon. Sawetara Dasmadé ana nang kondong lagi ndlahom. Bocah-bocahé kumpul nang ruwangan tengah pada nonton tèlèpisi.
    Lagi srang-srèng nggorèng tèmpé, dèwèké diundang-undang Dasmad.
    “Bu bu....! Gagiyan oh, mèné. Gusrek baé nang pawong. Awit ésuk durung pragat-pragat?” suwarané Dasmad kemlatak.
    “Dèlat maning Bah!” semauré bojoné Dasmad.
    “Sida ora sih? Jaré pan ngetik!”
    “Iya. Sabar gèn. Tanggung. Ngko tèmpèné geseng kabèh Bah” jawabé bojoné Dasmad.
    Dasmad nyoba sabar. Tapi disabar-sabari, bojoné mègin gusrek baé nang pawon. Ana limang menit, Dasmad ngundang-ngundang bojoné maning.
    “Kowen pan sida ngetik belèh sih? Aja ngganjar uwong. Ngomong adong ora sida!” ujaré Dasmad radan dugal.
    “Eéh....kaé uwong. Moni tanggung ka, gemboran baé. Dèlat maning rampung Bah! Ora sabaran nemen sih? Kaya bocah cilik!” kalah sèwot bojoné malah nyruwang. Kepaksané Dasmad ngalah. Dèwèké ngentèni bojoné sauwèn-uwèn. Ana rongpuluh menitan, bojoné Dasmad manjing maring kondong nemoni Dasmad.
    “Yuh....jaré pan ‘ngetik’. Mumpung wis rampung, dadi junun. Yuh...?!” omongé bojoné Dasmad waktu nang adepané dèwèké.
    “Alaaa....blèh sida lah! Ora sranta! Wis tak ‘tulis tangan’!”.

    Sega Aking
    CRITANÉ Dasmad mangkat kaji. Embuh ulih waledan sing endi, dèwèké bisa mepeki rukun Islam sing ke lima. Dong dipikir-pikir, nganti jagadé njeblug laka rumusé Dasmad bisa mangkat haji. Nggo mangan sadina-dinané baé kembang kempis. Mustahil Dasmad bisa mangkat kaji. Tapi sing arané ‘panggilan Illahi’ laka sing blèh mungkin. Sebaliké, sing duwité langka sèriné gurung karuwan klakon munggah haji. Contoné Kang Wastap tanggané Jayèng. Ulih warisan 30 juta, moniné pan disetorna nang bank, nggo biaya haji tapi kegoda gonèng bojo. Jaré bojoné, ketimbang nggo mangkat haji, mendingan nggo tuku mobil bak ‘terbuka’ disit. Masalahé Wastap kuwé duwé bisnisan wesi rongsok, sing saben dinané butuh sèwa mobil nggo kirim barang nang luar kota. Akhiré, omongé bojoné dituruti, duwit 30 juta dinggo tuku mobil. Sisané nggo tuku gelang emas lan plenisan bocah.
    Tapi embuh primèn sebabé, kabar selanjuté, mobilé Wastap dicolong maling. Pancèn, wong mangkat kaji kuwé gudu semata-mata krana duwit, tapi ‘panggilan Illahi’. Mugané, wong sakampung waktu krungu Dasmad pan mangkat kaji, pada éram.
    “Mad, énté mumpung nang ‘tanah suci’ Mekah, aja klalèn nyong didongakna bèn sugih!.” smsé Um Brindil maring Dasmad.
    “Yaul Ndil. Insya Allah kowen tak dongakna, bèn keluargané kowen aja nganti mangan sega aking kaya ning Brebes.” Dasmad males smsé Um Brindil. Samana uga Dasmad males sms maring Jayèng lan kanca-kanca liyané. Mung sajeroné sms-smsan kambèn kanca-batir, ujug-ujug Dasmad ulih kiriman gambar gonèng Kapèr. Hapé gagiyan diuripna.
    “Astaghfilullah alhadzim....nrokcok Kapèr! Kirim gambar ka peta ora.” maki Dasmad.
    Jebulé, gambar sing dikirim Kapèr maring Dasmad, batang wirog sing lagi disinggati plus nang ngingsoré ana tulisan: ‘Kyèh Mad! Wirogé raimu modar, gara-gara mangan sega aking!’.

    Um Brindil
    CIRI-CIRI Um Brindil wong ireng. Paribasané kaya silité kètèl. Kang Dasmad, Kapèr lan Jayèng, sawa-sawa madakna Um Brindil adong weruh barang atawa uwong sing katoné ireng.
    Um Brindil dèwèké, saluguné ya ora ireng nemen-nemen. Mung kanca batiré baé sing kebangeten. Blèh hèran adong batir-batir liyané mèlu ilon-ilon.
    Ucul sing soal kuwé, Um Brindil pancèn duwé klakuwan nyengiti. Awit gemiyèn mula, dèwèké sokan nginggeng maring wong sing lagi turu. Luwih seneng adong maring pengantèn anyar. Pendeké, Um Brindil kaya duwé kelainan jiwa.
    Bengi sing nglangut, wulané mengkered kaling-kalingan mèga mendung. Nang salah sijiné kondong, Kapèr kambén bojoné lagi pan indehoi. Sawetara nang wuwungan, krembak-krembik Um Brindil mènèk gendèng. Pas nang kondongé Kapèr, Um Brindil nglorodi gendèng cukup nggo ndeleng mengingsor.
    Saka nduwur wuwungan, lamat-lamat dèwèké krungu Kapèr nyuwara:
    “Idiihhh....kèlèké ireng temen sih, kaya Um Brindil!”
    Krungu arané disebut, Um Brindil ngrajuk.
    “Dalban ndèan. Enyong dipadakna kambèn kèlèk!” omongé Um Brindil nang jero ati.
    Ora let suwé Um Brindil krungu suwara saka ngingsor.
    “Idiihhh....ganing bokongé kowen ireng geteng kaya Um Brindil Jo!” suwarané Kapèr sing ndadèkna Um Brindil sèwot. Kalah sèwoté, Um Brindil nyuwara:
    “Dalban kowen Pèr! Kaya bokongé énté ana pètromaké! Kiriiikkkk....!”
    Kapèr ngrajuk. Rèplèk matané mandeng maring asal suwara. Nang duwur, Um Brindil lagi édé-édé!
    “Kirik kowen Ndil. Awaaassss kowen....!”.

    Si Buta
    KANG Dasmad jawané buka lèstoran. Olih saminggu lèstorané kebek wong pada mangan. Maklum masakan nang lèstorané Dasmad énaké laka-laka. Paribasané nggo oyokan uwong. Tapi diantara langgané, ana sing dijuluki ‘Si Buta’. Pasalé, langganané kuwé matané picek. Adong pan mangan, Dasmad digawé rèpot. Ora kur cukup mènèi daftar menu masakané, tapi kudu taktakan dingin nggolèti sèndok bekasé wong bar mangan. Saterusé, Dasmad nyodorna sèndok-sèndoké maring ‘Si Buta’. Sèndoké trus diambungi kabèh, tembé ‘Si Buta-né’ pesen panganan. Salah sijiné contoh, nang wayah awan dina kiyé dèwèké teka nang warungé Dasmad.
    “Biasa Mad, mangan “omongé ‘Si Buta’.
    Kaya sing uwis-uwis, Kang Dasmad rikat maring mburi. Trus maring Lia, rèwangé, ngongkon nggolèti sèndok-sèndok bekasé wong bar mangan.
    “Kyèh Lia. Salah siji sèndoké dilèpèti ‘barangé’ kowen mbuah apa oh. Bèn kemambunen sisan.” prèntahé Kang Dasmad.
    “Dilah....Kang Dasmad cruwek. Marahi uwong sing ora-ora.” semauré Lia.
    “Wis....bèn kemambunen Ya. Sapisan-pisan kerjani sisan. Jajaté pan nyekèk baé ka, makha-makha. Ana kon nggolèti sèndok bekas ana kedingan. Waduk dilembag ka! Wis...gagiyan dilètoki sadulitan mbuh apa. Tuman!” omongé Dasmad kayong ngosog.
    Kepaksané, Lia nuruti omongané majikané. Trus ora suwé, ana sapuluh sèndok diwèkena maring Kang Dasmad. Agé-agé Dasmad metu ngadep maring ‘Si Buta’.
    “Kyèh Kang sèndoké. Mana diambungi siji-siji. Pilihen, pènginé masakan apa. Semur jèngkol apa embek-embek tèrong, apa....apalah. Pilihen dèwèk dambungen dèwèk!” omongè Dasmad kambèn masrahna sèndok-sèndoké.
    Agé-agé ‘Si Buta-né’ ngambungi sèndok. Sauwisé kuwé, dèwèké trus nyuara:
    “Éh....Si Lia nyambut gawé nang kowen Mad.....?!”
    “Édan ah! Sampèan paham ambuné Lia? Gembleg sampèan. Picek baé, sampèan kodos maring wadonan! Gebleg.....gebleg!.
    Gorohe Ngletek
    KAPÉR karo Jayèng, jagongan nang Taman Lilin ngarepé Gedung DPRD Kota Tegal. Embuh maring endi Dasmad karo Um Brindil ora katon.
    “Dongé Dasmad saminggu ora katon maring endi Pèr?” Jayèng mbuka suwara.
    “Tak parani ésuk-ésuk, moniné bojoné wis metu. Tak parani bengi, moniné durung balik.” semauré Kapèr.
    “Ana apa ya? Kan bocahé wis puputan. Mustiné ayem oh...” omongé Jayèng.
    “Kowen ora sms?” takoné Kapèr.
    “Hapèné mojèd terus. Ènté sih?” Jayèng balik takon.
    “Pada. Tak pruluk ora tau mlebu. Ndean ganti nomer.” jawabé Kapèr.
    Ujug-ujug sajeroné pada bingung, ana sms mlebu saka bojoné Brindil kanggo wong loro. Isi smsé kaya kiyé: “Kang Brindil kecelakaan. Telung dina nang RSU Kardinah. Kang Brindil uga nangis ngglolo. Pèngin ketemu Kang Dasmad. Tulung angger weruh, kon teka tilik. Sip: Bojoné Kang Brindil”.
    “Kita cabut! Langsung tilik Brindil!” omongé Jayèng. Rikat, wong loro tilik Brindil.
    Ketekan kanca batir, Um Brindil nggolo. Sikil kiwané digubed perban, endasé lan tangan tengené renteng digubed perban uga.
    “Sabar Ndil. Kowen aja modar. Dunya kuwé énak écol, jajané werna-werna. Ana tahu pletok, randa kemul, orog-orog nganti jajan kontol pesok. Jajan paling énak uga pating tlètèk nang Gang Sempit. Wis énté aja nangis baé....” Jayèng ngomong dlawèran. Untung bojoné Brindil lagi metu.
    “Ora kaya kuwé Yèng, nyong nangis sebab goroh karo Dasmad. Waktu bojoné gurung lairan, nyong janji pan ngongkosi kabèh. Dèwèké ora njaluk, enyong sing maksa nanggung ongkosé. Barang anaké lair, nyong ora tilik. Saiki Dasmadé nang endi Pèr?” omongé Brindil campur nangis.
    “Embuh. Dasmad ora ngandang ngumah. Ndèan lagi golèt utangan nggo nutup biaya babaran....” jawabé Kapèr. Um Brindil krasa dosa dadi tambah nangis. Dèwèké sholat lima waktu tapi dèwèké rumangsa dadi wong paling biadab, sebab apus janji, goroh saporèté karo Dasmad.
    Ujug-ujug Kapèr ulih sms saka Dasmad. Kapèr maca seru-seru: “Pèr, nyong olih sms saka bojoné Brindil. Bener?Brindil ketabrak slènder? Posisi Brindil, jaré nang rumah sakit? Nyong nang Jakarta. Aja watir, biaya rumah sakité tak tanggung nyong kabèh!” . Brindil langsung semaput.
    sekitar 8 bulan yang lalu · Hapus Kiriman
  • anji Sajuta
    GEDÉ tuwa kaplak, Um Brindil jawané ulem-ulem nganakna ulang taun. Aja-ajaha nangapé Orjen Tunggal. Yahanuné dubilah belis, pamèr bèn diarani wong sugih. Ora bada janji pan ngongkosi biaya lairané anaké Dasmad, gorohé ngletek. Waktu nang telpon tah, maksa-maksa. Barang bojoné Dasmad wis lairan, kaya wong emis. Sakalé cacing ngagulé naga. Dong kèré aja njanjèni, bati gawé dosa. Jawané bèn olih alem? Ora idep isin blèh ngaca pisan! Pengrasané apik?
    Grundelan sing kaya kuwé, gonèng Jayèng kambèn Kapèr lagi nggo rerasanané nang Gedung Kesenian Kota Tegal. Mituruté Jayèng, Um Brindil mustiné aja sokan gegoroh maring Dasmad, jakwir cetemé. Untung baé, Dasmadé mung tiba meneng.
    “Sing nyong wedi, mbokan sing ‘momong’ Dasmad blèh trima, Um Brindil olih ukuman...” gerutuné Kapèr sing mèlu mrina gonèng laku goroh ngleteké Um Brindil maring Dasmad.
    “Jagung bakarané Pèr, wani nanggung perkarané” sambung Jayèng uga mèlu gemremet.
    “Wongé tah katoné alim. Rai madu jebulé ati asu!” timpal Jayèng.
    “Sing nyengit maning, ulang tauné Brindil macha-macha. Ngundang Orjen Tunggal ana kedingan! Najis yanu! Cuiih....!! Ora kèré ora sudi teka.” omongé Kapèr.
    “Seumpamané dèwèké dadi godong, yanu blèh bakalan nyuwèk!” jaré Jayèng.
    “Seumpamané Si Brindil dadi Gatotkaca, tak panah saka ngingsor.” timpal Kapèr.
    Ujug-ujug wong loro olih sms saka Dasmad. Isi smsé Dasmad, wong loro kon teka maring ulang tauné Um Brindil.
    Meski wong loro waduké mangkel, maksané teka nang acara ulang tauné Brindil. Ora kètang wong loro nggawa kado. Samana uga Dasmad. Lan ringkes critané, Um Brindil mbuka kado gawanané wong telu. Barang dibuka turut siji, Dasmad mèiné jam tangan. Sedeng Kapèr karo Jayèng mèiné tlepong jaran! Sanalika Um Brindil nangis kebo, dèwèké nangis gudu krana kadoné Kapèr karo Jayèng. Tapiné nangisi kadoné Dasmad. Soalé jam tangan sing dikirim Dasmad kanggo dèwèké, regané sajuta persis waktu dèwèk ngucap pan ngongkosi babarané bayiné Dasmad.

    Nang Jempol
    KANG Dasmad kalah mbekok maring bojoné Kapèr. Soglogé jan saporèté urip. Diwarahi sajelas-jelasé maksa baé ora étor. Akhiré, Dasmad mung tiba gèlèng-gèlèng. Sawetara bojoné Kapèr tetep meteng maning. Padahal, Kapèré dèwèk wis ora kepèngi duwé anak cilik. Masalahé anaké wis lima.
    “Kepibèn sih Yu. Bisané sampèan meteng maning meteng maning? Enyong tah wis mènèhi warahan karo sampèan. Apa sampèan gurung paham apa kepimèn?” omongé Dasmad waktu bojoné Kapèr ngonjogi nang kantor penyuluhan Keluarga Berencana.
    “Nyong paham, waktu Kang Dasmad nerangana soal KB nang kantor Kelurahan Panggung.” omongé bojoné Kapèr.
    “Bisané sampèan meteng maning meteng maning?” omongé Dasmad.
    “Enyong dèwèk gumun Kang. Apa kondomé Kang Kapèr karo kondomé sampèan bèda? ” bojoné Kapèr balik takon.
    “Bèda pibèn Yu? Ilokèn ana kondom bèda-bèda?” semauré Dasmad kayong rumangsa kèder ngadepi bojoné Kapèr.
    “Nyatané, enyong meteng maning meteng maning. Saluguné…,kiyé terus terang baé Kang Dasmad. Sampèan ahli soal KB apa belih? Enyong dadi curiga karo sampèan. Aja-aja sampèan gurung pentol masalah KB. Dadiné salah!” serang bojoné Kapèr.
    Dijojot omongan kaya kuwé, Dasmad ngrajuk. Tembé mrenahi ana wong wadon ngomongi maring dèwèké soal KB. Padahal, dèwèké wis luyuten dadi penyuluh KB nang dèsa-dèsa tur ora nana masalah. Tapi saiki, barang ngadepi bojoné Kapèr kayong mbekoké saporèté!
    “Yu. Saiki nyong pan takon. Waktu sampèan campur kambèn Kang Kapèr, kondomé masangé nang endi?” takoné Dasmad maring bojoné Kapèr.
    “Ya…sesuwé praktèké sampèan waktu nyontohi nang Kelurahan Panggung oh. Waktu samana kan, sampèan nyontohné nang jempol. Dadi nyong, ngomong maring bojoné masangé nang jempol oh….!”.


    Pencipta Lagu
    AKAL bulusé Dasmad pancén pentolan. Ana-ana baé mrupusé. Critané dina Ahad ésuk, Dasmad dodolan manuk ocèh-ocèhan nang Lapangan PJKA ngarep Stasiun Tegal. Macem-macem jenis manuk didasarna. Ana Cucak Rawa, Murai Batu, Ketilang, Ciblèk, uga ana manuk sing meneng getem alias begu.
    Waktu samana Kapèr kepèngin ingon-ingon manuk. Dèwèké teka maring dodolané Dasmad.
    “Manuk sing ngocèhé pentolan ana Mad?” omongé Kapèr.
    Dijawab:
    “Kowen pan luruh sing kaya apa? Ciblèk, Murai Batu, Ketilang apa Cucak Rawa?”
    Ngrongokna ocèhané Murai Batu, Ciblèk, Cucak Rawa, Bèo, Kapèr kepèncut temenan.
    “Murai Batuné regané pira, Mad?” Kapèr takon.
    “Murai Batu 750.000 éwu.” jawab Dasmad.
    “Larang temen Mad. Adong Cucak Ramané pira?”
    Dijawab:
    “Limangatus éwu Pèr.”
    “Édan ah. Kowen golét batiné ora mupakat temen, Mad? Satus éwu baé ya?”
    “Ora nyandak Pèr. Cucak Rawané enyong wis rekaman. Apa Ciblèké baé sing bisa dipangan?”
    “Dipangan pibèn Mad?”
    “Adong digorok, kan bisa nggo lawuh oh. Gelem?”
    “Ah..., kowen macem-macem. Wis..... manuk sing meneng getem baé wis. Pira?”
    “Sing meneng getem justru luwih larang! Regané 2 juta.” jaré Dasmad.
    “Ih! Wong manuk begu kaya kuwé ka.....regané sahahahaha....kowen yahanu, Mad!”
    “Kiyé pencipta laguné bol!

    Putek
    KANG Dasmad lagi ndempès nang warung lèsèhan Jalan A. Yani Kota Tegal. Soré-soré jam lima, udané ngericek. Bledègé ngampar-ngampar anginé sempripit atis nemen. Nang dadané Dasmad lagi ngekepi bungkusan.
    Saluguné Dasmad waktu samono ana perlu, dikongkon bojoné. Mung karana udané ora lèrèn-lèrèn, kepaksané ngaub nang warung lèsèhan. Kepènginané sih mèdang poci. Tapi duwit sing dimèin bojo pas gawan. Akhiré mung dempas-dempès nang émpèr.
    Ujug-ujug mbak klèbat, Kapèr liwat saka elor.
    “Hai Pèr…! Kyèh mèné kyèh!” Kang Dasmad gemboran ngundang Kapèr. Kapèr nglinguk trus langsung marani Dasmad.
    “Udan-udan pan maring ndi Pèr?” takoné Dasmad.
    “Laaa….pikirané nyong lagi putek. Nang umah bojo ngromyah baé. Abong-abongé nyong lagi nganggur. Ketimbang njelu ngrongokna omongan sing blèh peta, énakan ngluyur. Kowen sih lagi nunggu sapa Mad?” Kapèr balik takon. Tapi matané Kapèr mentelengi bungkusan sing lagi dikekepi Dasmad.
    “Ana perlu Pèr. Lagi dikongkon bojo. Éh Pèr, tulung barangé nyong dicekelna ya? Nyong pan nguyuh, kebelet sing mau…. ” omongé Dasmad kambèn nyerahna bungkusan botol maring Kapèr.
    Kapèr dipasrahi bungkusan botol, kesenengen. Langsung botolé dideleng, sauwisé Dasmad lunga. Barang dideleng, warnané banyu kuning. Pikiré Kapèr, Dasmad ngekepi bir sabotol ora ngomong-ngomong. Mugané ora kesuwèn, Kapèr nenggak nganti tatas. Ujug-ujug Kapèr glogakan, pas Dasmad muncul.
    “His…hissss….bisané ditenggak Pèr?” takoné Dasmad.
    “Banyu apa kiyé Mad. Bir ka….. rasané ora karuwan-karuwan nemen?!” takoné Kapèr kambèn terus glogakan.
    “Compong kowen! Kuwé tah banyu uyuh bojoné nyong sing pan tak gawa nang doktèr?”.

    Lincak
    KAPÈR kamigila sabèn dina digedag-gedag karo Jayèng. Masalahé sepèlé, Kapèr duwé utang kambèn dèwèké. Utangé tah ora sapiraha, mung telung atusan éwu. Saking kamigilané sabèn ésuk ora tau ngandang umah. Adong Kapèr maring Dasmad, trus Jayèng takon karo dèwèké, pura-purané Dasmad blèh ngarti maring endi lungané Kapèr. Tapi ora kapok-kapok, Jayèng tetep marani maring umahé Kapèr lan Kapèr terus ngilang.
    Masalahé Kapèr ngindari Jayèng, sebab lagi langka duwit. Golèt pegawèan lagi dibus terus. Pèndèké Kapèr bener-bener tongpès.
    Mung sing arané lagi apes, Kapèr kepergok Jayèng. Waktu samono, Kapèr lagi njagong nang lincak mburi umahé. Ujug-ujug Jayèng wis ana nang mburiné ndadèkna Kapèr kagèt ora ketulungan.
    “Wis Pèr, saiki énté pan mlayu maring endi maning? Tak golèti pirang-pirang dina, énté las-los baé. Karèpé énté kepimèn, pan nyaur apa ora?” omongé Jayèng sing waktu kuwé ora pranti-prantiné teka maring umahé mung gubedan sarung.
    “Ora kaya kuwé Yèng, nyong lagi laka duwit. Kowen ngarti oh, nyong waktu kiyé nganggur. Ilokèn matané kowen blèh weruh?” semauré Kapèr.
    “Yanu ngarti énté lagi nganggur. Tapi, saora-orané énté ana omongan. Kapan sanggupé. Mipil ya olih, yanu ora keberaten. Éntèné malah ampleng, ngilang pisan….” Jayèng ngomong luwih nandes. Tapi ujug-ujug Jayèng ngrasa, ‘si doelé’ kayong ana sing ngempot saka ngingsor lincak. Dirasa sangsaya suwé, énaké por-poran. Akhiré dèwèké mujar karo Kapèr:
    “Pèr, kiyé lincak kayong énak écol temen. Lincaké énté kok bisa nyedot sih?”
    “Maksudé kowen pibèn?” takoné Kapèr.
    “Maksudé….utangé énté bur. Lincak tak gawa balik. Ocèh?”
    “Ocèh….!”
    Barang lincaké digawa balik, jebulé laka krasa apa-apa. Sanalika rasa sedoté ilang gandra. Jayèng saluguné goblog. Bisané lincaké Kapèr énak écol, sebab waktu njagong nang umahé Kapèr, ngingsor lincaké ana cempè sing ngokop ‘si doelé’ dèwèké.

    Dioyok Oyok
    UM Brindil gawé gara-gara maning. Wong sakampung dikumpulan kabèh nang Kelurahan Panggung, Kota Tegal. Termasuk Dasmad, Kapèr kambèn Jayèng. Onggrongané nemen wong siji kiyé. Kadiran kas ulih waledan sewidak papat juta, gaya-uluné porporan. Saben bengi ora kètang hèr-hèran nang Gang Sempit. Ora pranti-prantiné Um Brindil nlembuk, barang duwité sakrombong kabongan nggawa wong wadon telu sekaligus.
    “Jahat ah. Barang olih waledan sewidak papat juta, Brindil kaya kerasukan sètan.” jaré Kapèr maring Jayèng kambèn Dasmad waktu mangkat bareng-bareng nekani ulemané Um Brindil nang Kelurahan Panggung.
    “Yaul Pèr! Yanu baé ditokokna tivi ka. Mung sing nggo éramé yanu, pan kumpulan ka dikon nggawa tivi ana kedingan. Maksudé Brindil dongèn apa sih Mad?” takoné Jayèng.
    “Ih! Kuwé urusané kowen. Nyong ora mèlu-mèlu.” semauré Dasmad.
    “Bisané Mad?” cecer Jayèng.
    “Kowen paham? Winginané nyong pan dimènèhi 2000 bata. Coba, adong waktu kuwé nyong nrima 2000 bata, nden repot oh. Pan kumpulan kon nggawa bata satrek. Ah, dasar Brindil. Rambuté baé brindil, musti uteké plènca-plèncé. Kowen nggawa apa Pèr, bisané sak clana ngingsoré njenggol kabèh?” Dasmad takon karo matané nglirik maring sak ngingsoré Kapèr sing njendol kaya wong kena penyakit lhacèk.
    “Brèngsèk ka! Enyong kon nggawa ulegan loro. Pangkaté mènèhi ulegan baé kon digawa. Jahat temenan ka....sètan alas!” grutu Kapèr karo mucu-mucu.
    Ringkes crita, barang wong telu tekan nang Kelurahan Panggung, aula kelurahané nganti platarané, kebek gonèng barang-barang bawaané wong-wong sakampung. Nang kono, ana wedus wolung pasang, ana puluhan ayam sapetarangané bambèn endogé sisan, barang élèktronik, kasur, kulkas, trèmos lan saabreg barang-barang dapur.
    Weruh kahanan sing kaya kuwé, wong telu nglegleg karo gèdèg-gèdè. Akhiré suwé sang saya suwé, rapat dibuka. Pungkasan rapat, Um Brindil ngomong:
    “Njaluk ngapura ya sedulur kabèh. Sehubungan nyong lagi dioyok-oyok majikané enyong, sebab nyong nganggo duwit sawidak papat juta. Saiki barang-barangé sampèan kabèh tak jaluk maning. Pan nggo nyaur.....”.

    Wirog Butak
    JAYÈNG bener-bener lagi klabakan. Endasé mumet kayong pan pecah. Hawané sèwot baé. Dong digugu tah kepènginé ‘ngletak’ uwong. Ora pranti-prantiné Jayèng duwé watek angas. Tapi embuh, ning waktu kiyé hawané panas baranan.
    “Kowen tak deleng-deleng, hawané pugalan baé Yèng? Dongèn ana apa?” omongé Kapèr waktu jagongan nang Taman Lilin ngarepé Gedung DPRD Kota Tegal.
    “Ora kaya kuwé Pèr. Endasé yanu bengel terus...” semauré Jayèng.
    “Bludreg ndèan. Cepet-cepet maring doktèr oh...” sarané Kapèr.
    “Alaa...doktèr-doktèr apa itu. Wis bolak-balik bol, tetap baé endasé yanu bengel! Hawané panas” jawabé Jayèng sakenané.
    “Wah...aja-aja kowen kena flu burung kik kik kik...” semauré Kapèr kambèn gemuyu kaku.
    “Brisik! Énté adong nyocot aja sakepènaké bol! Tak gepak pilingané, rena sisan. Wis yanu tak mayeng disit”
    Bar ngomong kaya kuwé, Jayèng mèrad ninggal Kapèr dèwèkan. Jayèng trus bablas maring Peleman, tempat tlembukan. Nang tempat ‘bocah-bocah’ nakal, Jayèng ider, golèt sasaran. Tapi, saambané tempat Peleman, Jayèng ora payu. Maring gejun Narti langganané uga ora gelem. Narti saiki jual mahal barang tingkatané wis dadi germo. Padahal, dèwèké kepèngin nemen manjat. Wis olih selawè dina Jayèng ora tau manjati bojoné, sebab bojoné kas lairan. Olih dipanjati adong wis patangpuluh dina.
    “Dadi kowen bener ora gelem karo yanu Ti?” Jayèng ngrèngèk. Tapi si Narti tetep blèh gelem. Sebab, Narti saiki wis kemayu tur semugih, lan taripé nyundul langit. Njaluké telungatus éwu sekali manjat.
    Kalah mbekok, Jayèng culag trus bablas balik ngumah. Anjog umah dèwèké trus manjing kondongé bojoné, ngaplang-ngaplang wuda bral, mung sarungan gèl.
    Lagi énak ngaplang-ngaplang nang peturon, lampu listriké mati. Trus embuh sing endi parané, ana wirog butak mlebu sarungé Jayèng. ‘Sologé’ Jayèng sing klontangan, digragot wirog butak. Wadauw!
    sekitar 8 bulan yang lalu

1 komentar:

Posting Komentar