Jumat, 24 Desember 2010

kumpulan dongeng 4

  • Ber…. Ber
    NANG tengah segara, kapal Ferry sing ditumpaki Dasmad kambèn Kapèr lan Jayèng setitik turut setitik kelem. Uwong-uwong sing pada numpak pating jlerit. Keadaané dadi panik kabèh. Apa maning ombak segarané gedèné saumah-umah.
    Krungu uwong-uwong pada pating jlerit, Markoni kapalé metu saka kamar kambèn nggawa mègapon.Dèwèké trus mènèhi aban-aban pengumuman:
    “Sedulur-sedulur kabèh! Kapal kandeben muatan. Setitik turut setitik, kapal kelem. Kepèngin pada slamet kabèh, apa modar barèng-barèng sedulur?”
    Uwong-wong tambah gemrenggeng, krungu pengumuman Markoni kapalé.
    “Nyong kabèh pengin slamèt, jon!” semauré wong-wong kabèh.
    “Adong kaya kuwé. Supaya barang sing ngandebi kapal dibuwang nang laut!” printah Markoni kapalé.
    Bar ber, wong-wong sakapal pada mbuwangi barang bawahané. Ora wong Landané, Amerikané, Prancisné lan wong-wong saka Negara Bulèné pada mbuwangi barang-barang kaya dèné telèpi, kulkas, computer lan barang-barang sing ngandebi.
    Tapi senajan puluan barang wis dibuang, kapal Ferryné ajeg baé pan kelem. Akhiré, sakabèhané barang-barang sing ana nang kapal dibuwangi kabèh. Ya, maksa baé kapal mègin adeb. Markoni kapalé akhiré gemboran maning:
    “Kapal tèsih kandeban muatan. Sapa wongé sing gurung mbuwang bawaané? Siki kudu dibuwang kabèh. Kapalé tèsih kandeban muatan 100 kilo.” omongé Markoni karo ngancam, adong ora cepet-cepet dibuwang, kapalé kelem.
    Krungu omongan kaya kuwé Dasmad lingak-linguk. Dèwèké krasa adong barang bawaané gurung dibuwangi. Akhiré, matané dèwèké mandeng maring kancané. Trus dèwèké mantep nemen.
    “Harikling! Seminggah sing adoh. Ketimbang kapalé kelem lan atusan wong pada modar. Apiké kiyé baé sing tak buwang!!” omongé Dasmad nang ati. Trus ora kesuwèn maning, Kapèr kambèn Jayèng dijorogna maring segara. Ber…ber…!!

    Gedang Godog
    CRITANÉ Kapèr dadi wartawan. Sedeng Kang Dasmad dadi pejabat pemrèntah nang Kabupatèn Tegal. Kapèr kambèn Dasmad, pancèn jakwiran awit cilik. Mung jalaran bèda nasib, acarané wong loro uga dèwèk-dèwèk. Kapèr dadi ‘wali’, tuwa nang gili, sedeng Dasmad dadi wong kantoran. Mung baé, antarané wong loro mègin jakwiran cètèm.
    Jawané, Dasmad lagi ninjo kedadèan bencana sing ana nang gunung Bumijawa. Weruh dalan sing dongkah, giwing-giwing kali pada longsor lan umah-umah pada kegawa banjir, uga brugé sompal, Dasmad ngrasa atiné nggrentes, kayong dikruwes-kruwes. Apa maning ndeleng rayaté pada pating jlerit tetangisan, Dasmad ora kolu mangan ora kolu nginung.
    Lagi ngenes mikiri piben carané ngatasi bencana, hapèné dèwèké muni tat tit tut. Barang dibuka, ana sms saka Kapèr.
    “Kowen nang endi Mad? Tak pleter nang kantor laka. Wingi tak hubungi moniné nang Jogja. Winginané nglayab nang Bandung. Njambut gawé ka laslos baé. Wis klalèn karo jakwir cètèm? Pibèn Mad, jaré kowen pan ngisi pulsané enyong. Wis lawas, ora tau shodaqoh. Tak tawani ganjaran ka, kowen nolak. Pèngin tak santèt apa? Wetengé kowen dadal duwèl lha uwis héé hééé..... ”
    “Enyong tèsih nang gunung Bumijawa ana tanah longsor. Kowen nyusul baé, trèké!” Dasmad njawabi smsé Kapèr.
    “Sih, nyong kon nyusul kowen Mad? Sing mupakat oh, wong motoré yanu motor jaman sepur lempung ka.... ngko tembé anjog nang Slawi sompal kabèh oh. Kowen charat, yachanu! Mudun baé wis, mbolos....mbolos! Énté ora bosen, saben taun nonton blai? Wong jakwiré kowen bé lagi cèngap-cèngap kentongan pulsa ka, kowen klayaban maring gunung-gunung apa itu. Balik-balik...nyong ditokokna pulsa ndelé......” smsé Kapèr mbalesi smsé Dasmad.
    “Pèr, kiyé lagi ana blai. Kowen belih kepèngin weruh dalan-dalan pada ambles, banyu buket campur lemah nrejang apa baé sing diliwati?” jaré Kang Dasmad mbales smsé Kapèr.
    Suara banyu kali sing buket campur lemah, gemlegar kaya suarané gludug ngèdap-ngèdapi. Nang nduwur, langité kebek mendung. Ireng geteng warna mendungé kaya pan disuntek. Atiné Dasmad sangsaya mrekitik.
    “Emoh Mad! Enyong blèh seneng nonton bencana.” Kapèr mruluk sms maning.
    “Lha kuwé Pèr, kowen éndah duwé senses of crissisé ndelèn. Éndah tambah humanis...” jawabé Dasmad.
    “Allaaaaa....wis bosen yanu dadi wong humanis. Pènginé sing manis-manis. Kowen tah wis ngrasakna manis oh. Kocapa yanu, wong ngentèni pulsa kirimané énté bé diganjar....”
    “Ora his. Kiyé masalahé, enyong nang tengah alas. Tapi ya akèh kanca wartawan. Belih ana pulsa, anané gedang godog! Gelem?”.

    Tuku Elusan
    ANA wong papat. Diantarané Dasmad dadi Angkatan Udara. Jayèng Angkatan Laut, lan Kapèr tukang malak nang dalanan. Sijiné maning Um Kriwil, kontraktor gedèan. Wong papat mau, kanca batir awit cilik.
    Um Kriwil ngomong:
    “Mad, dong nyong mèin duwit maring kowen. Duwité pan nggo tuku apa?” Um Kriwil takon maring Dasmad.
    Dijawab:
    “Enyong pan tuku kacamata BL bèn ora silo waktu nang awang-awang.”
    “Masuk. Adong kowen?” Um Kriwil takon maring Jayèng.
    Dijawab:
    “Enyong pan tuku kèkeran bèn nang laut bisa nropong pembajak....”
    “Masuk! Saiki kowen Pèr. Rijèk ?”
    Dijawab:
    “Pan tuku elusan.. ..”
    “Bisané Pèr?” wong telu srentak takon.
    Dijawab:
    “Ya soalé....angger enyong malak, duwité kuwes-kuwes. Ngko pan tak elusi kabèh.....”.


    Bener Omongé Kapèr
    KAPÈR kambèn Dasmad kas olih waledan. Wong loro pada nyikung nang Gang Sempit, tempat tlembukan. Sawisé nyikung Kapèr kebelet ngamar karo Si Dariyah. Gonèng kanca-kancané, barangé Dariyah jaré énak écol. Mulané, barang Kapèr weruh Dariyah, langsung kepilut.
    “Mad, enyong blèh sranta kyèh. Tak mlebu disit ya? Bener belèh barangé Dariyah énak écol?” wisik Kapèr maring Dasmad.
    “Ya.... mana.” jaré Dasmad.
    Blèh suwèn maning, Kapèr ngamar. Tapi embuh critané, sapuluh menitan Kapèr wis metu.
    “Pibèn Pèr, ganing sedèlat nemen.” Dasmad takon.
    “Bècèk. Barangangé anyeb. Mèsih énak barangé bojoné enyong”
    “Ah...kowen mbodoni kyèh. Enyong tak nyacak ndelèn....”
    “Jal, mana oh.......”
    Akhiré Dasmad ngamar. Tapi bener uga omongané Kapèr, ora nganti 10 menit Dasmad metu saka kamaré Dariyah.
    “Percaya Mad? Barangé Dariyah anyeb oh ya?”
    “Bener ngomongé kowen Pèr. Sung! Tèsih énak barangé bojoné kowen!”.
    sekitar 8 bulan yang lalu · Hapus Kiriman
  • Dilamod Sisan
    DASAR mbrekiwit, Kapèr tuku durèn mangané umpetan, cedek bak runtah. Maksudé mbokan weruh jakwir, dijaluki. Ora bada, akèh laler pada ngrubung, ngrèwodi. Ora kalah akal, driji tangan kiwané Kapèr ndulit silit, tolih dipecucungna menduwur kambèn ditambahi durèn sadulitan.
    Laler-laler pada ngrubung maring drijiné sing mecucung. Kapèr ayem mangané nganggo tangan tengen. Durèn sagluntung kosihken entèng babar blas. Tapi, kayong-kayongé dèwèké mesih kurang. Durèn sadulitan sing dirubung laler, gonèng Kapèr dilamod sisan. Ora peduli drijiné kulah tai.

    Gèger Kesurupan
    GÈGÈR nang Tegal. Bocah-bocah sekolah sing mèlu kèmah pada kerasupan sètan. Gègèré ndadèkna Kapèr sms maring Dasmad.
    “Anèh ya Mad? Bisané sing kerasupan akèhé bocah wadon?” isi smsé Kapèr.
    Dijawab:
    “Sètan....mlebu maring menungsa lèwat bolongan. Ora lèwat pori-pori. Wong wadon, akèh nduweni bolongan sing nggo peluang mlebuné sètan” jawabé Dasmad.

    Sètan Alas
    KAPÈR ketiban apes. Lubar campur kambèn bojoné, keplarak bejuhé dèwèk.
    Kapèr culag, ngaprus-aprus:
    “Dobol kowen! Gurung dadi bocah, pan matèni Bapané!
    Sètan alas.....!!”.

    Kungkum
    KONON nang neraka hukumané bisa milih. Ana sing disogok silité nganggo wesi panas, ana sing ditusuk ‘mbakoné’. Tapi ora kurang, wong-wong uga pada kungkum
    nang kolam tinja. Katon sedada.
    Kang Dasmad, milih ukuman nang kono. Agé-agé Dasmad ucul klambi ucul katok, trus nyemplung. Ora let suwé penjagané gemboran:
    “Ya. Break time abis. Saiki pada nyilem maning !!”.

    Poci Aladin
    JIN Aladin ngomong maring Dasmad:
    “Hai menusa! Kowen njaluk apa? Ko wis mbèbasna nyong saka kurungan Poci Aladin. Saiki nyong pan balas budi. Ko njaluk apa?”
    Dijawab :
    “Hai Jin Penunggu Poci Aladin. Bener nih, énté pan ngabulna penjalukané enyong?”
    “Yaul!” jawab Jin.
    “Suwèr?”
    “Suwèr!”
    “Enyong njaluk umah Um!”
    Matané Jin mendelik:
    “Sikah! Umah ndasmu pokah! Weruh oh matamu?! Aku dèwèk bè.... umahé nang poci. Énté njaluk umah? Aja kharat énté! Mèrad kanaaa...!!”.

    Dukun
    KAPÈR nglamar dadi CPNS takon maring Dukun Dasmad:
    “Pibèn Mbah, bèn nyong bisa dadi PNS ?”
    Dijawab:
    “Ngarti blèh kowen, enyong dadi dukun?”
    Kapèr meneng getem. Karo ndelak Dukun Dasmad ngomong:
    “Lantaran nyong gagal dadi CPNS bol!”.

    Sarung Bodol
    Waktu Kapèr kena lara panas, kosih pan modar mujar weling maring bojoné.
    “Jo, adong enyong laka umuré, tulung lawoné aja nganggo bahan mori. Nganggo sarung bodol baé”
    Barang nang alam kubur, Malèkaté takon.
    “Nang dunya olèh-olèhé apa?”
    dijawab Kapèr kambèn matané mendelik.
    “Hai Malèkat! Sampèyan weruh oh, nyong mati dibungkus sarung bodol, tengkulah takon olèh-olèh? Dasar Malèkat clamit!”.

    Kedisitan Laler
    KACRITA Dasmad kas olih Undian Harapan jutaan. Gayauluné, Dasmad dikancani Kapèr nginep nang hotèl mentèrèng Kota Jakarta.
    Kaya biasané, ésuk-ésuk tamu hotèl disuguhi susu. Termasuké Dasmad kambèn Kapèr. Tapi sial. Susu gurung diinung kèwan laler nyemplung nang gelasé Dasmad karo Kapèr. Samana uga nang gelasé wong Landa karo wong Prancis.
    Ngerasa jiji, inungan susu dibuang gonèng wong Landa. Samana uga dèkèné wong Prancis. Sawetara laler sing nèmplok nang gelasé Dasmad, dilelepna sisan. Konon, bèn wisané bisa tambar.
    Saiki apa sing dilakoni Kapèr kepibèn? Kapèr culag, dewèké ngromyah.
    “Pantat raimu! Nyong gurung nginung. Raimu ndisiti nyecep. Kharat ...!!” omongé Kapèr kambèn meres laleré nganggo jempol lan drijiné.
    BP7
    KAPÈR ngonjogi Dasmad , guru SD anaké.
    “Kowen aja yahanu, Mad. Pada baé guru angger mènèhi PR maring murid aja sing mumet-mumet.”
    Dijawab:
    “Mumet-mumet pibèn Pèr? Pengrasané enyong biasa-biasa mèin PR maring murid.”
    “Biasa ndasmu pokah! Cacak deleng, soal nomer 25 oh.....”
    Dasmad mriksa soal sing ditodokna Kapèr. Dèwèké trus ngomong.
    “Oh....kiyé? Soal kepanjangan BP7?”
    “Iya! Bener.....”
    “Trus?”
    “Kowen kharat! Enyong ngurus BP3 baé mumet.... paa maning BP7....!!” gerutu Kapèr kamben nglius.
    Dasmad tèmbé sadar, dong Kapèr kuwé angger gajian mung ngoloh jentik. Soalé, gajiané wis dipotong kanggo nglunasi BP3 murid-muridé sing dipangan mipil.

    Bakul Dukuh
    MALÈKAT takon maring Kapèr, bakul dukuh.
    “Manrobuka ?”
    Dijawab Kapèr:
    “Manis Um. Asli Condèt. Telungpuluh èwu sekilo.”
    Pengrasa Kapèr ésih nang Pasar Ésuk Tegal. Padahal wis nang jero kubur.

    Ganti Sikil
    SAWISÉ ganti sikil, telung minggu Kapèr ngangluh maring Dokter Dasmad:
    “Mad, kiyé primèn? Bisané enyong pènginé ngoyok-ngoyok tlembuk karo banci baé?”
    Dijawab Dokter Dasmad:
    “Éh iya Pèr, sori!”
    “Sori pibèn Mad?” takoné Kapèr.
    “Sikilé kowen tak diganti dèkèné Satpol PP!”.

    Tato Fidel Castro
    KACRITA gègèré oreg Freeport nang ngarep Universitas, Cendrawasih, Abepura, Jayapura, salah sijiné gara-gara ulah wong wadon demonstran.Gonèng Dasmad -Inteljèn jempolan- wong wadon mau dicekel. Dèwèké trus digledah, diwudani sisan.
    Waktu Dasmad ndeleng kèmpol tengené, ana gambar tato Hitler. Sawetara nang kèmpol kiwané, ana gambar tato Lenin.
    “Wah! Kiyé bener-bener anti Amerika. Bahaya temenanan kiyé, Mad.” Omongé Kapèr maring Dasmad. Kapèr tolih gonèng Dasmad kon ndeleng gambar tato sing ana nang tengah.
    “Coba priksa tato sing nang tengah Pèr!” konkoné Dasmad.
    Kapèr mriksa.
    “Wah! Embuh, tatoné blabur, Mad.” jaré Kapèr.
    “Ora blabur! Jelas nemen bung! Kiyé tato Fidel Castro!” omongé wong wadon mau.


    Disita
    KAPÈR sing merkosa bocah kencur, jingkrak-jingkrak. Nyusul Hakim Dasmad memvonis pitung dina kurungan. Tapi ora lèt suwé, Hakim Dasmad ngomong maning.
    “Kanggo jaga-jaga bèn terhukum jera, barang bukti “kejantanané” Kapèr disita nggo dibakar!”
    Sanalika Kapèr klepek-klepek.

    Ramuan Mak Érot
    BALIK konsultasi saka Mak Érot, Kapèr olih ramuan jamu. Kapèr ndalahé sagrog-sgrogé. Ramuan ditenggak bojoné. Cepet nemen ramuan berèaksi. Kurang saka limang menit, ‘gunung kembaré’ mlembung sanalika. Gedèné ora lumrah, nganti sabaskom.

    Cangkem Loro
    ÉSUK uput-uput Kapèr diamuk bojoné:
    “Kaya kiyé.... ésuk-ésuk gurung sarapan kumbahan sekandang bentang. Sampèyan maning! Nganggo perasaan oh, tangi turu blèh réwang-réwang, malah njongkot. Énak-énak ngeplok panganan. Wong wadon mumet Kang. Mumet....!!”
    Dijawab santé:
    “Ngarti Jo. Enyong ngarti kowen luwih mumet. Enyong mikir cangkem siji baé mumeté ora karuwan. Aja maning kowen sing mikiri cangkem loro?!”.

    Kadal Mesir
    KADAL Mesir garing kaya gèsèk bisa gawé wong lanang ‘rosa’.
    Dasmad dokoné sembarangan, tolih kadalé dipangan kucing. Kucing dadi édan blingsatan, mlayu mana-mèné.

    Kegedèn vs Kesempiten
    KAPÈR maring Mak Érot. Bojoné ora gelem kalah operasi penyempitan vagina.
    Barang benginé, wong loro ora bisa dolanan ‘kuda-kudanan’. Kegedèn lawan kesempiten.

    Apa Bèdané
    DASMAD kambèn Kapèr nang gardu ronda.
    “Pèr, apa bèdané Taman Mini, Metro Mini lan Rok Mini?” jaré Dasmad.
    “Ya..., adong Taman Mini isiné macem-macem. Sedeng Metro Mini, kuwé jenis angkotan kota....”
    “Adong Rok Mini ?”
    “Ya.... rok sing cekak....” jawab Kapèr.
    “Salah kabèh Pèr! Adong Taman Mini nang njeroné ana Metro Mininé sing lagi nggawa penumpang. Adong Metro Mini nang njeroné ana penumpangé sing nganggo Rok Mini....”
    “Oh.....adong Rok Mini ?” Kapèr penasaran.
    Dijawab:
    “Nang njeroné ana Taman Mininé...”.


    Duduhé Mbuh Apa
    CRITANÉ Kapèr pan nlembuk. Giri-giri dèwèké numpak angkot jurusan ngètan maring Gang Sempit. Tekan tempat, dewèké langsung mlebu maring kondong. Trus anyang-anyangan.
    “Nimalas éwu ya? Duwité enyong mung samono. “ omongé Kapèr.
    “Adong ora sèket ora Kang...”
    “Temenan, ora olih ?” omongé Kapèr.
    “Pas samono Kang...”
    “Ya wis. Kowen ucul-ucul, tolih nyong dijukutna kobokan” omongé Kapèr ngongkon maring tlembuké.
    “Njukut kobokan sih nggo apa Kang?”
    “Nggo wadah uyuhé kowen” omongé Kapèr.
    “Sih pan nggo?”
    “Kowen meneng baé. Kalem... ” omongé Kapèr.
    Kaya pucung, tlembuké ucul-ucul trus nguyuh. Ganing Kapèr, uyuhé tlembuké diwadai kobokan. Ora let suwé uyuh diguyurna maring ‘barangé’ Kapèr.
    “Allaaaa....ora olih dagingé, duduhé mbu apa....” omongè Kapèr.

    Pakar Dlawèran
    KANG Dasmad lagi ngablu. Pikirané kayong ngempra, mblandrang saparan- paran. Masalahé soal kotané, sangsaya suwé sangsaya ancur-ancuran. Yakuwé sajegé Kota Tegal ana program ‘Tegal Laka-laka’ ndadèkna akèh blai sing blèh baèn-baèn.
    Awitané ana brita bocah-bocah sekolah pada maèn adegan gabrud lan gambaré semebar nang hapé sajagad dadi pada weruh adegan mesumé. Saterusé ana brita bocah sing mati gara-garané mangan sega mambu. Toli ana brita maning, bekas karyawan Kesbanglimas plus bekas lurah, malah gawèané dadi tukang tèror bom lèwat sms. Sing paling bud-budan, Walikota Tegal diarani ‘Walikota Dlawèran’.
    Brita-brita sing kaya kuwé ndadèkna pikirané Kang Dasmad radan kelara-lara. Kalah sèwoté Kang Dasmad dadi nebar sms sakentrang-kentrangé maring endi-endi ora, termasuké maring Jayèng, Um Wapèk, Kapèr lan sapa baé sing dadi sasaran kejèngkèlané.
    “Yèng, nang Tegal saiki wis ana Pakar LSM, uga ana Pakar Pendidikan, tapi kotané enyong ora maju-maju. Anané gontok-gontokan. Bisané ya?” smsé Dasmad maring Jayèng.
    “Bener Mad. Soalé ana maning Pakartoyo, Pakar Noto, Pakar Padi, Pakar No, Pakar Proposal, Pakar Gawé Perusahaan. Mung kabèhané laka Pakarti. Bisané nipu-nipu” wales smsé Jayèng.
    Sèjèn maning smsé Kapèr mbalesi smsé Dasmad. Isi smsé Kapèr ringkes sacuwil tapi nylekit. Isiné kaya kiyé:
    “Nang Tegal sebabé kotané ora maju-maju, soalé akèh Pakar Cakar-cakaran”
    Sèjèn maning smsé Um Wapèk. Jarèné, nang Tegal bisané kotané kebek blai, sebab ana Pakar Dlawèran sing dong mèin duwit ora singget, tapi diomong-omongna maring sembarang uwong.

    Hari Jadi
    KAPÈR kambèn Um Brindil lan Jayèng lagi ngumpul nang Taman Lilin ngarep Gedung Dewan Perwakilan Rakyat Kota Tegal. Wong telu lagi jejagongan karo nginung Wèdang Gandring.
    Ujug-ujug Kang Dasmad teka kambèn nangis ngglolo. Wong telu kagèt ora ketulungan. Pasalé ora pranti-prantiné wong telu menangi Kang Dasmad nangis. Apa maning nangis, mbrebes mili baé blèh bakalan ngarti. Kuwé sebabé antarané Kapèr, Um Brindil lan Jayèng kagèté kaya krungu bledèk.
    “Ana apa Mad. Ujug-ujug énté nangis ngglolo? Énté diusir kambèn bojo?” Jayèng coba takon.
    “Atiné nyong lara Yèng.....bener-bener getun!” semauré KD kasebut populèré Kang Dasmad karo tutupan rai sing mili banyu matané.
    “Énté getun karo sapa?” omonge Jayèng.
    “Jahat! Jahat kabèh! Dobol sapatiné urip! Waktu jaman Orba, para penggedé sa-Tegal pada jahat kabèh, pada dobol asu temenan! Kowen.......kowen kabèh ora pada ngrasakna ya?” omongé Dasmad.
    “Ngrasakna apa?” omongé wong telu bebarengan.
    “Kowen.....kowen kiyé saluguné ketipu! Kowen kabèh saluguné dibodoni Wakilan Rakyat jaman Orba” jawabé Dasmad, wong telu tambah blèh ngarti blèh paham.
    “Jelasé pimèn Mad?” omongé Kapèr.
    “Jebulé sing arané Hari Jadi Kota Tegal tanggal 12 April, laka kaitané karo lahiré Ki Gedé Sebayu.........” omongé Dasmad.
    “Lha sih?? Tanggal kuwé tanggal apa Mad??” wong telu pada ngrajug, nyuara bareng-bareng.
    “Kuwé tanggal pelantikané Walikota Tegal jaman Orba sing arané Samsuri Mastur.....” nangisé Dasmad tambah seru. Ujug-ujug kanca-kancané uga pada nangis. Sangsaya seru nangisé Dasmad Cs, ndadèkna wong sa-Tegal pada mèlu nangis. Sebab ngrasa dibodoni daning anggota Dewan Perwakilan Rakyat lan penggedé-penggedé Kota Tegal.

    Dasmad Lawan Kapèr
    KANG Dasmad jawané dadi Guru nang SMP Kalibuntu Tegal. Sawetara si Kapèr dadi muridé Kang Dasmad. Sanalika kuwé, waktu pelajaran repan dimolai, Kapèr ngacung.
    “Pak guru, nyong takon” Kapèr nyuwara. Kanca-kanca batiré nglinguk maring mburi.
    “Takon apa Pèr.” Guru Dasmad balik takon.
    “Apa enyong bisa kena ukuman apa belih, adong nyong gurung nglakoni apa-apa Pak Guru?” takoné Kapèr.
    Guru Dasmad ngunjal ambekan.
    “Sing dimaksud pitakoné kowen apa Pèr?” Guru Dasmad balik takon.
    “Nyong gurung ngerjakna PR Pak!”
    Pak Guru Dasmad atiné medekel. Langsung matané mencilak.

    Bèrès Bah
    ÉSIH rengosan, gurung ndalah tas pisan, Yono anaké Kapèr ditakoni.
    “Pibèn Yon. Soal-soal semesteré, bisa dikerjana?”
    “Bèrès Bah. Cèrèm, gampang limpang. Abah blèh perlu kawatir kambèn Yono.....”
    “Bagus. Kaya kuwé oh, percuma Abah duwé anak kaya kowen”
    “Anaké sapa tuli. Anaké Abah Kapèr dilawan.Tapi, yakuwé Bah.....”
    “Tapi yakuwé pibèn Yon....?” Abah Kapèr motong omongané anaké.
    “Jawabane sing susah BAH
    sekitar 8 bulan yang lalu

0 komentar:

Posting Komentar