DASMAD giliran mangkat perang, ditugasna nang Timor Timur. Tapi atiné ketar-ketir. Gudu soal mati atawané pibèn-pibèn. Soal mati tah, wis ana sing ngatur. Masalahé mung siji yakuwé soal bojoné sing ayuné paribasan kaya Dèwi Khayangan.
Telung dina telung bengi Dasmad mikir. Carané kepribèn, mèn bojoné aja sèrong. Akhiré nang ngingsor wudel bojoné digambari cecek sing endasé nyublek nengingsor. Trus Dasmad pamitan pan mangkat perang.
“Enyong pamit mangkat perang Jo. Kowen sing atai-ati lan jaga diri,” pesené Dasmad wanta-wanti.
“Nggih Kang” jawab bojoné.
Diiringi tangis lan sun sikep-sikepan, Dasmad mangkat. Wulan sangsaya wulan ganti, akhiré tugas perang rampung. Rasa senengé Dasmad ketkemu bojo, giri-giri dèwèké ‘niliki’ gambar ceceké. Tapi ya ampun, gambar ceceké mingser. Endasé sing awité madep ngingsor, saiki malik madep menduwur. Dasmad negur bojoné:
“Kowen sèrong oh ya?!”
“Mboten Kang....” jawab bojoné.
“Bisané gambar ceceké mingser madep menduwur?!”
“Ceceké ora kuwat ganèng mambuné Kang....!”
Posted by Husni Bupati BG
On 19.39
0 komentar:
Posting Komentar