Jumat, 24 Desember 2010

kumpulan dongeng 1

  • Timbang Mumet
    CRITANÉ Kang Dasmad lagi dadi wong sing nduwèni drajat mujur. Kang Dasmad alias KD njabat ketua parté lan wakil ketua dèwan. Pokoké KD saiki pentolé laka sing nglawan. Dunyané KD wis ora bisa diètung. Nang gunung duwé selipan beras, kebon cengkèh, buka toko mèbel, salon kecantikan, malahan saiki pan mèlu-mèlu dadi sèlèbritis. Jawané tah pan gawé album tegalan ana keding. Pèndèké KD bener-bener dadi wong lanang pilihan.
    Kapèr, Jayèng, Um Wapèk, Um Brindil, lan Glèmboh kanca batiré pada mèlu seneng. Sebab duwé jakwir penting sing bakalé bisa ngayomi. Adong jejaluk ya gampang, wong KD kuwé ari mèsem uga manis. Wongé grapyak, ora saenggon-enggon dugal atawa culag. Pokoké yahèr temen lah.
    Saiki wayahé bada, critané Kapèr lagi keplètèt ora bisa bayar zakat kanggo bocah lima plus dèwèké lan bojoné. Dadiné ana pitung endas. Nggo kupat tah wis ana. Mung nggo bayar zakat tok sing durung. Akhiré Kapèr sms maring KD.
    “Mad, kowen yahèr oh, aja klalèn kambèn Kapèr. Bada…bada…biologiné!” Sing dimaksud Kapèr ‘biologi’ kuwé artiné duwit.
    Ora suwé maning Kapèr olih balesan sms saka KD.
    “Lagi pd mumet, bocah bé drg tuku katok”
    Maca smsé KD, Kapèr ngelus dada. Dirasa-rasa, KD sakalé wis dimèin kenikmatan gedé daning Gusti Allah SWT, tapi mèsih nyepatani awaké dèwèk. Akhiré Kapèr sms maning.
    “Saiki ngemis bareng yuh? Timbang pada mumeté,”

    Biologi
    KAPÈR nyalon Kepala Dèsa nang dèsané bojo. Embuh duwit sing endi, ujug-ujug Kapèr gagahan nyalon bekel. Olih setengah taun dèwèké wis promosi maring endi baé. Nang koran, uga nang internet, gambaré Kapèr pada nongol. Kapèr saiki dadi wong top. Playoné tansah dikepung warga sekitar.
    Nang dèsa bojoné, ana lima bakal calon sing pan ngrayah jabatan bekel. Brol-brolan sing pada nyalon nyebar ‘biologi’ alias duwit. Biologi disebar kaya udan ditibakna sing langit, pada onjo-onjonan. Kapèr dèwèk ora gelem kalah, bral-brol biologi.
    Jayèng, Um Wapèk, Um Brindil, lan Glèmboh mèlu pada seneng. Saora-orané, wong jakwiré lagi nyalon, bakal kecèprètan biologi. Apa maning waktuné pan bada, wong papat mau pada ngarep-arep olih bingkisan ‘ketupat lebaran’. Latan Glèmboh sing penguripané paling kepèpèt, bada kurang telung dina sms maring Kapèr.
    “Wis aja kesuwèn Pèr. Telung dina maning bada, biologi nggo tuku kupat. Ocèh?”
    “Aduh Mbloh. Nyong lagi nang guci ora kesait mudun, toli nyong pan nginep. Sori, lagi nyusun trategi. Satengah wulan maning pilihan bekel, bar bada baé ya?” Kapèr mbales sms Glèmboh.
    Glèmboh maklumi. Dina bada bubar. Blèmboh nagih janji.
    “Saiki wis bar bada. Nyong pan nagih janjiné kowen Pèr. Biologi…biologi, aja kesuwèn. Wis pada ngoloh jentik kabèh kyèh!” sms Glèmboh.
    “Aduh Mbloh, kosih saprèné nyong ngentèni Lailatul Qodar, malah olihé lailatul kèder! Biologi batal!”


    Pèpèsan
    CRITANÉ Jayèng lagi sumeng olih rong wulan ana. Jayèng niliki. Awaké Kapèr sangsaya gering sebab jarang mangan.
    “Awaké énté kosih entèng kaya kuwé sih Pèr? Mriyang ya mriyang, tapi kudu mangan oh” Jayèng nuturi.
    “Kowen melas kambèn enyong Yèng?”
    “Mbuh pimèn-pimèn, énté kuwé jakwir cètèm. Pan mangan apa, tak turuti” omongé Jayèng.
    “Umuré enyong kayané pan entong ya Yèng?”
    “Ora ilok ngomong kaya kuwé, Pèr. Wis, saiki njaluké énté apa? Tak turuti”
    “Nyong pèngin mangan 'pèpèsan tai manuk', Yèng!” omongé Kapèr.
    “Okèm. Tak gawèkna. Dipangan ya? Mbokan kiyé dadi mariné?”
    Kapèr mantuk. akhrié Jayèng srak-sruk nggolèti tai manuk. Ora suwé tai manuk Ketilang dikumpulna, diwadai godong gedang, latan dipèpès nang umahé Kapèr sisan.
    “Pèpèsé wis mateng Yèng?”
    “Dèlat maning. Sabar…”
    Lan ora suwé pèpèsané mateng. Trus digawa maring kondong.
    “Kyèh pèpèsé wis mateng!” omongé Jayèng kambèn mbuka pèpèsan.
    “Makasih Yèng. Kowen jakwir sing paham enyong. Senajan kowen angas, tapi duwé welas asih. Tapi sapisan maning nyong njaluk tulung….” omongé Kapèr.
    “Énté pan njaluk tulung apa maning Pèr?”
    “Pèpèsané dicicipi kowen dingin Yèng, énak belih?”
    Kepaksa Jayèng nyicipi pèpèsan kambèng nyengir kuda.
    “Énak Yèng?”
    “Rasané ngalor ngidul Pèr…!” kambèn ngomong kaya kuwé, Jayèng glogakan.
    “Raimu bé sing waras glogakan ka! Apa maning enyong sing lagi lara? Mana, dibadog kowen kabèh, Yèng!”
    “Sikah! Énté pancèn tengik. Dobol! Yanu diapusi énté ya Pèr? Ngko tak wales kowen aja takon dosa! Dobol….”

    Gambar Cecek
    DASMAD giliran mangkat perang, ditugasna nang Timor Timur. Tapi atiné ketar-ketir. Gudu soal mati atawané pibèn-pibèn. Soal mati tah, wis ana sing ngatur. Masalahé mung siji yakuwé soal bojoné sing ayuné paribasan kaya Dèwi Khayangan.
    Telung dina telung bengi Dasmad mikir. Carané kepribèn, mèn bojoné aja sèrong. Akhiré nang ngingsor wudel bojoné digambari cecek sing endasé nyublek nengingsor. Trus Dasmad pamitan pan mangkat perang.
    “Enyong pamit mangkat perang Jo. Kowen sing atai-ati lan jaga diri,” pesené Dasmad wanta-wanti.
    “Nggih Kang” jawab bojoné.
    Diiringi tangis lan sun sikep-sikepan, Dasmad mangkat. Wulan sangsaya wulan ganti, akhiré tugas perang rampung. Rasa senengé Dasmad ketkemu bojo, giri-giri dèwèké ‘niliki’ gambar ceceké. Tapi ya ampun, gambar ceceké mingser. Endasé sing awité madep ngingsor, saiki malik madep menduwur. Dasmad negur bojoné:
    “Kowen sèrong oh ya?!”
    “Mboten Kang....” jawab bojoné.
    “Bisané gambar ceceké mingser madep menduwur?!”
    “Ceceké ora kuwat ganèng mambuné Kang....!”

    Lomba Rong Babak
    RAJA Fahd saka Saudi nganakna lomba rong babak. Kaping siji, lomba Onta ébèn bisa ndodok. Kaping loro bèn Onta bisa gèdèg. Waktu samana Kang Dasmad wakil saka Indonèsia mèlu.
    “Babak siji dimolai!” ujar tukang halo-halo. Peserta saka Australia maju, awaké gagah gedé duwur. Dèwèké nyekel buntut Onta ditabok nganti mbok kaplok. Onta tetep meneng baé ora ngroget. Samana uga waktu wakil saka negara liya-liyané, laka sing bisa nandangi.
    Saiki giliran Dasmad saka Indonèsia. Pawakané cilik tuying. Trus dèwèké mrobos nang plakangané Onta. Ora let suwé, dèwèké ngranggèh ‘barangé’ Onta lan digilis-gilis. Nganti ‘barangé’ Onta ngadeg. Trus agé-agé dèwèké nylentik. Onta klenjengan trus ndodok.
    Penonton keprok. Sorak-sorak.
    “Selanjuté babak loro. Lomba Onta bèn bisa gèdèg. Molai.....!!!”
    Ora kurang salawé peserta saka pirang-pirang negara, duwé cara macem-macem. Ana sing maèn kèprèt, gebug lan nengkel. Tapiné Onta babar blas blèh gelem gèdèg.
    Saiki giliran Dasmad maju. Penonton kamitenggengen ndeleng polahé Dasmad. Rainé Onta dipendeliki kambèn dèwèké ngomong:
    “Pèngin tak slentik maning?”
    Onta gedeg, kamigila. Mbokan ‘barangé’ dislentik maning

    Mié Godog
    BENGI-bengi Dasmad, kepengin mangan mié godog. Wis suwé Dasmad kepèngin nemen digawèkna mié. Mugané maring bojoné dèwèké ngongkon:
    “Ndelèn Jo, nyong digawèkna mié godog” omongé Dasmad.
    “Mié godog Kang? Dengarèn, rika pengin mié godog” ujar bojoné Dasmad.
    “Iya jo...” jawabé Dasmad.
    Kaya kebeneran nemen, giri-giri bojoné Damad maring mburi nyiapna peralatan lan ora let suwé dèwèké masak. Kanggo bojoné, penjaluké Dasmad, kebeneran nemen. Wis suwé, dèwèké ora tau ‘diambah’. Dasmadé dèwèk, kayong aras-arasen. Masalahé, ora duwé gairah. Apa maning puluhan taun bebojoan, ora nganaki. Dadi ora kepikir nemen-nemen maring bab sing kaya kuwé. Mulané, waktu Dasmad njaluk dimasakna mié, kesempatan nemen kanggo dèwèké.
    Kurang luwih limang menit, mié godog mateng diwadahi piring. Sadurungé mié godog dipasrahna Dasmad, dèwèké njukut obat kuwat Viagra. Trus diuwur-uwurna nang masakané. Pengarep-arepé bojoné, bèn ‘sidoelé’ Dasmad bisa langsung tangi mregènggèng. Nyatané?
    Harikling....! Gudu ‘sidoelé’ Dasmad sing mregènggèng ngadeg. Malah miéné sing nang piring pada ngadek pating clongat
    sekitar 8 bulan yang lalu · Hapus Kiriman
  • Turu ½ Mati
    DASMAD olih sms saka Kapèr. Isiné kaya kiyé: ‘Turu kambèn wong wadon ayu, senengé setengah mati. Turu kambèn sèlèbritis, larangé setengah mati. Turu kambèn wong wadon sing ‘dokohan’, rekasané setengah mati. Turu kambèn wong wadon pakra ora, jelèhé setengah mati...’.
    Dasmad ora kalah njawabi smsé Kapèr: ‘Mangkané Pèr, turuwa kowen setengah mati...!’

    Dasmad lawan Biduan
    NANG njero bus, Dasmad njagong jèjèran karo biduan. Sadawané dalan, biduan rengeng-rengeng ngapalna lagu. Dasmad sing lagi ngantuk, keganggu.
    “Tulung mba, aja brisik. Enyong ngantuk pan turu” Dasmad menging.
    Omongan Dasmad ora digugu. Biduan tetep rengeng-rengeng. Dasmad bolak-balik menging. Maksa baé biduané crèngkèng. Dasmad tambah sèwot, tapi dijawab santé gonèng biduané:
    “Maaf mas, enyong olih job. Ngko bengi pan dinggo!”
    Dasmad ora kalah akal. Slèrètan clanané dibuka ngablag-ngablag nganti ‘barangé’ katon medodong. Biduan kaget, tangan kiwané tutupan rai sedeng tangan tengené nglutik maring Dasmad.
    “Mas....,nyuwun sèwu. Kuwé....kuwèné sampèan....katon!” omongé biduan.
    Dijawab santé gonèng Dasmad:
    “Maaf mba....ngko bengi pan dinggo!”



    Kuduné Diuyuhi Sisan
    SOAL gelisah, sebabé ana loro. Gelisahé bayi kambèn gelisahé wong wadon sing wis bebojoan, jelas bèda adoh.
    Kacerita; sawijiné bengi, anaké Dasmad sing tègin bayi nangis baé ora turu-turu. Dasmad kambèn bojoné dadi kèder. Maring bojoné Dasmad ngomong:
    “Bocah nangis baé pibèn sih. Disosoni ndelèn...”
    “Uwis Kang....sampé susuné nyong kempès ka...”jawab bojoné Dasmad.
    “Ya....coba ditiliki. Mbokan ngompol, popoké diganti oh...”
    Bojoné Dasmad nyoba nggrayang maring katoké bocah. Bener baé, katoké teles klebes gonèng uyuh.
    “Éh...iya Kang. Katoké teles klebes. Ngompol” semauré bonjoné Dasmad.
    “Ngandel. Nyong ngomong apa....”
    Agé-agé popoké bayi dicopot trus diganti. Ora let suwé, bocah turu angler. Dasmad karo bojoné ayem maning, ora keganggu.
    Bengi sangsaya bengi Dasmad keturon. Sadina muput, dèwèké kerja nang proyèk bangunan, keselé ora lumrah. Balung-balung rasané linu. Otot-otot pada manteng. Mulané dèwèké cepet mapan. Mung tembé salesan, Dasmad kagèt ganing ulahé bojoné. Sebab bojoné Dasmad molak-malik baé ora turu-turu.
    Maring bojoné, Dasmad ngomong:
    “Kowen ora turu-turu dongèné kenangapa sih?”
    “Durung arip Kang. Embuh kiyé, dengarèn” jawab bojoné Dasmad.
    “Kowen nggayuh apa maning? Pèngin tuku giwang?”
    “Belèh Kang....” jawab bojoné.
    “Sih mikiri apa?”
    “Ora mikir apa-apa Kang...”
    “Ya wis oh ....turu. Wis bengi. Tenaga nggo ngèsuk maning. Aja diporsir nemen-nemen. Wayahé bengi nggo turu, wayahé ésuk nggo nyambut gawé. Kowen ora kesel? Blèh turu-turu....?” ujar Dasmad nuturi bojoné.
    Tapi bojoné Dasmad tetep gelisah. Dèwèké nyoba turu, maksa baé matané kangèlan dimeremna. Dasmad dadi mèlu gelisah. Suwé sangsaya suwé, Dasmad akhiré nemu pikir. Rèplèk tangané nggrayang maring katoké bojoné. Barang pas nang ‘tengah-tengahé’, mbak cèos! Tangané Dasmad krasa ngemèk banyu sing ngecembong nang katoké bojoné. Dasmad gèdèg-gèdèg, trus dèwèké mbatin.
    “Wah....kiyé tah gudu uyuh. Kuduné diuyuhi sisan.....!!”

    Gigolo Donat
    ÉSUK-ÉSUK Kapèr njongkot dèwèkan nang tritisan. Wis sapuluh dina dèwèké nganggur jigur. Golèt gawèan mrana-mrèné pang-pong baé. Maring mandor bangunan, moniné lagi laka proyèk. Pan mèlu mocok kernèt Angkutan Kota, dudu skilé. Nglalu mbara nang Jakarta dadi apa mbuh apa, mbokan kapiran. Mangkané utang nang warung wis sagunung anakan. Kapèr dadi kèder blèh karuwan. Dèwèké cekelan batuk.
    Lagi njongkot ndasé pan pecah, Dasmad jakwir cètèmé teka. Bareng nang adepané Kapèr, Dasmad nawani pegawèan. Kiyé kaya ula marani gebug.
    “Kowen bener nganggur Pèr?”
    “Yaul!” jawabé Kapèr.
    “Sing bener baé Pèr. Serius?” Dasmad serius takon maring Kapèr.
    “Serius Mad. Wis sapuluh dina nyong plonga-plongo nang umah. Bojoné nyong ngromyah baé”
    “Lumrah yah....arané wong wadon, adong ndeleng wong lanang nganggur ya sebel. Kowené baé sing kudu ngrumangsani. Saiki kowen kan nganggur? Lha kiyé, nyong pan narèni kowen”
    “Ya. Kepibèn?” Kapèr ora sranta kepèngin ngarti apa sing pan diomongna Dasmad.
    “Nyong pan takon karo kowen Pèr. Barangé kowen ésih rosa? Durung kompèren?”
    “Apa hubungané karo barangé enyong Mad?” takoné Kapèr.
    “Pokoké nyong takon, sebab ana hubungané karo bab kerjaan. Barangé kowen ésih rosa bèlih?”
    Angen-angené Kapèr, paling ora pan didadèkna gigolo. Mulané giri-giri Kapèr ngomong:
    “Oh...bèrès! Barangé nyong tèsih akas tur rosa. Aja watir Mad. Pokoké bèrès!”
    “Saiki mèlu!”
    Dasmad agé-agé ngajak Kapèr, maring pabrik. Trus Kapèr digawa Dasmad mlebu nang ruwangan produksi. Saterusé Kapèr dikon wuda bral. Sawetara, Dasmad mlebu ruwangan. Ora suwé, Dasmad metu kambèn nggawa donat sabaskom sing durung dadi. Gonèng Dasmad, Kapèr dikongkon mbolongi bunderan donat sing mèsih rapet

    Sesama Buaya
    CRITANÉ Dasmad dadi Wartawan koran lokal Tegal, Harian Pagi Nirmala Post. Ganing Pemimpin Redaksiné, Dasmad olih tugas ngliput bencana alam nang rawa-rawa pedalaman Kalimantan.
    Embuh kepibèn asal-usulé Dasmad bisa dadi Wartawan, ora patiya penting. Sing jelasé baé, Dasmad seneng nemen olih tugas maring Kalimantan. Itung-itung dèwèké olih pengalaman anyar sing durung tau dingerteni.
    Gelisan cerita, Dasmad wis anjog nang lokasi daerah bencana. Umah-umah sing pada ambruk kenang badai angin lisus, diphotoni kabèh. Uwong-uwong sing kepeled atawané kurugan gompalan bangunan, uga ora ketinggalan diphoto.
    Dasmad mlayu mrana mlayu mrèné, mobat-mabit saporèté. Bencana angin lisus saporèté sing lagi diranapi uwong-uwong nang Kalimantan kuwé, nggilani langka padané. Paribasan dunyané kaya-kaya diwalik. Rawa-rawa dadi kota, sebaliké kota dadi rawa-rawa. Ora tinemu akal, tapi bab kiyé lagi dadi kasunyataané. Mangkané blèh heran, andong éwongan menungsané pada mati. Ana sing kependem urip-uripan jalaran kurugan bongkahan bukit. Uga ana sing kawur lan nangsang nang wuwungan, separo endase powal lan sengklèh sikilé. Saking nggilaniné, ora étungan menungsa sing dadi korban.
    Embuh saka endi tekané, waktu Dasmad lagi motreti batang menungsa sing ditotoli puluan manuk, ujug-ujug ana kèwan Baya pan nyaplok dèwèké. Sanalika Dasmad kagèt ora ketulungan, sipat kuping dèwèké ngutir-ngutir mlayu. Tapi Bayané terus ngudag. Sampé akhiré Dasmad keblosok nang rawa-rawa, ora bisa tangi lan kèwan Bayané trus nyedek. Barang pan dicaplok, saka kadohan bapané gemboran :
    “Hai!? Bajul....!!! Aja dicaplok....!!! Kuwé jakwir Wartawan !! Sesama Baya blèh kena saling caplok, tolol ?!”



    Copèt Wadon
    GÈGÈR nang pasar Ésuk Tegal akèh copèt wadon pada klayaban, britané maring endi paran. Kabaré ora kur nang Kota Tegal, tapikèn nganti wilayah Pemalang, Brebes, Slawi nganti pucuké gunung. Anèhé sing dadi korban, wong lanang kabèh. Saben dina ana-ana baé crita wong lanang kecopètan. Ora sing pangkat ora sing bleketiran lan ora sing kèré. Apa maning sing sugih, pokoké adong ana wong lanang mlebu Pasar Ésuk, dijamin bakal blai ketiban apes. Kaya-kayané copèt wadon sing sokan klindengan nang Pasar Ésuk, duwé penyakit atawa dendam kesumat kambèn wong lanang. Ndèané baé, copèt mau pernah digawé lelara ganing wong lanang. Akhiré wales ukum.
    Ajibé senajan brita kuwé dadi resahé masyarakat, aparat keamanan ora jègod nandangi atawa nyekel. Salah sijiné jakwiré Dasmad, ora liya Kapèr, uga ngranapi kecopètan. Waktu saprana dèwèké nganter bojon blanja, ujug-ujug embuh kepriben asal muasalé, duwit sakuwelan nang sak katok clanané, ilang gandra. Sawetara ndeleng kondisiné saké, dongkah kaya disilet. Kapèr karo bojoné dadi ngrajuk. Mangkané ana duwit titipan blanja tangga teparoné rongatus éwu. Kapèr dadi kaya digawé linglung.
    “Getun Mad. Nyong bener-bener getun waktu saprana. Bojoné nyong nganti ngaprus-aprus sadawané dalan. Nyong dipaido saporèté. Ajib ka...duwit tak kantongi nang sak, bisa kecopètan.” crita Kapèr maring Dasmad.
    “Enyong kayong penasaran Pèr. Njajal copèt wadoné kayongapa. Nyong pèngin nyekel, pèngin weruh copèt wadoné. Cacak nyong pan maring Pasar Ésuk.”
    “Aja Mad. Tulung, kowen blèh susah maring pasar” cegah Kapèr.
    “Ora! Nyong penasaran ka. Nyong kudu bisa nyekel, aja gawé gègèr terus-terusan.” omongé Dasmad.
    Gelisan crita, Dasmad maring Pasar Ésuk. Tapi sadurungé manjing mrana, sak loro-loroné Dasmad dibolongi kabèh. Trus dèwèké rikat maring pasar. Kahanan pasar waktu samana kebek wong pada blanja. Embuh tekané sing endi, sak clana tengené Dasmad dirogoh nganti tembus maring ‘barangé’. Krasa diremed, ‘barangé’ Dasmad otomatis mateng samanteng-mantengé. Rikat, tangané Dasmad balik ngremed tangané si copèt sing lagi glayaran nang sak clanané Dasmad. Trus dèwèké mandeng maring copèté. Jebulé bener, adong sing sering nyopèt nang Pasar Ésuk, wong wadon ayu. Maring copèté, Dasmad ngomong:
    “Aja diuculna! Adong diuculna, nyong gemboran.”
    Copèté nuruti prentah. Barangé Dasmad diremed nganti tekan nang panggonan sepi.

    Sawulan Diincer
    KAPÈR mendem tapi galgil. Sombongé ora nguwati. Onggrongané dubilah belis. Èdan tenan koh!
    Kacrita, nang sawijiné dina, dèwèké nyikung ora kira-kira. Limang gendul ciu, ditenggak dèwèkan nganti tènggèng jahat. Ajibé, baliké nganggo pit nabi. Dilaruhi aja nganggo pit, maksa baé ngluyur. Numpaké lèab-lèob pisan. Sing ndeleng ketar-ketir, tapi jan ngebuté ora lumrah. Pit digenjot saporèté, ora urusan dalané bregal-bregul, dilabas baé.
    Puas ladas! Pal lèneng sagedèn-gedèn saglugu nang pinggir dalan, ditubruk Kapèr sakuwaté. Pit nggesruk, pèlèké mlengkung, cabang karo glogoré tugel. Sanalika Kapèr ngglusur, batuké nabrak lèneng, menjutu gedé sakepel. Sawetara rainé lan getihé kocor-kocor nganti ndlèwèr maring pipi.
    Waktu samono, Dasmad pas lagi liwat karo kanca batir lan jawané pan nulungi, tapi gonèng Kapèr ditampik.
    “Ora susah Mad!. Enyong bisa tangi dèwèk.” omongé Kapèr mbanggèl-mbanggèl . Trus karo tangané nuding-nuding maring lènèng, Kapèr ngomong maning:
    “Kiyé lèneng, wis sawulan tak incer! Dina kiyé tèmbèkèn kena....!!! Mampus lu!”

    Wulan Apa Srengèngé
    DASMAD karo Kapèr, tènggèng por-poran. Loro-loroné semèndèh nang èmpèr Cina. Wayahé jam siji bengi, wulané mencorong. Dasmad takon maring Kapèr:
    “Pèr...,kaé wulan apa srengèngé?”
    Dijawab Kapèr:
    “Kaé wulan Mad.”
    “Srengèngé ah...” jawabé Dasmad.
    “Wulan!”
    “Srengèngé! Énté aja tipu, Pèr. Cacak takon tukang bècak. Yuh....?”
    Dasmad karo Kapèr akhiré takon maring tukang bècak.
    “Nyuwun sewu Pa....nika wulan napa srengèngé ?”
    Dijawab :
    “Éh, embuh ya. Enyong wong anyar! Tembé rong dina nang Tegal.”
    Jebulé tukang bècaké, uga pada baé mendemé, tènggèngé
    sekitar 8 bulan yang lalu ·

0 komentar:

Posting Komentar